Pamulangan
Jare simbah aku kudu sekolah
Kareben dadi bocah genah mrenah ora nggladrah
Jare rama ibu aku kudu sregep mangkat
Kareben dadi wong pangkat urip ora kesrakat mlarat
Jare bapak ibu guru aku kudu sinau
Tambah ilmu
Kareben kelakon kabeh kang tinuju
Nanging
prakanca,
coba delengen kahanan nyata
apa isih bisa pamulangan kang ana dadekake urip tumata
pamulangan kang tanpa tuladha
pamulangan kang kasatan piwulang
pamulangan kang ngajarake angka-angka wuta
siji lan siji ana pira?
Jare anut kang duwe kersa
Jan ora weruh subasita, trapsila, apa maneh tata krama
lali dosa…
kabeh lurung binarung kumalungkung
pamrih pamuji siji
Pamulangan ora aweh pepadang
Simbah,
Nyuwun pangapunten
Kula mboten kepingin dados dokter
Jalaran duite bapak mboten wonten sakoper
Rama,
Nyadong duka
Kulo mboten kapilut drajat pangkat
Jalaran ajrih sumpahing rakyat
Kang panggah mlarat sekarat
Bapak ibu guru,
Nyuwun donga pangestu
Mugi-mugi sedaya ilmu saged dados sangu
-NN
http://alwib.net/geguritan-bahasa-jawa/
GEGURITAN
Tegese
geguritan
- Geguritan saka tembung lingga ‘gurita’ yaiku
owah-owahan saka tembung ‘gerita’. Dene tembung ‘gerita’ iku saka tembung
lingga ‘gita’ kang nduweni teges tembang utawa syair.
- Geguritan iku saka tembung lingga ‘gurit’ kang
nduweni teges tembang, kidung, syair.
- Miturut kamus, geguritan yaiku tembang
uran-uran utawa karangan kang pinathok kayadene tembang, nanging guru
gatra, guru lagu, lan guru wilangane ora ajeg.
- Miturut Raminah Baribin (2005) geguritan iku
iketaning basa kaya dene syair. Mula saperangan pawongan ana kang ngarani
utawa nyebut syair Jawa gagrag anyar.
Saka
maneka teges geguritan ing dhuwur bisa kajupuk dudutane (kesimpulane),
geguritan yaiku wohing kasusastran Jawa anyar awujud syair kang tanpa nganggo
paugeran/pathokan tartamtu. Geguritan kuwi ora ditembangake nanging diwaca nganggo
wirama, wirasa lan wiraga manut surasane.
Geguritan kaperang dadi loro:
1.
Geguritan
tradisional kuwi geguritan nganggo paugeran-paugeran tartamtu
kayata cacahing larik saben pada (bait), cacahing wanda saben larik uga
dhongdhinge swara (persajakan). Kang kagolong geguritan tradisional antara liya
yaiku parikan, wangsalan, tembang macapat, tembang tengahan lan tembang gedhe. Puisi Jawa Tradisional, sing umume arupa tembang. Puisi iki ditembangake miturut lagu-lagu khusus, nganggo
piranti gamelan utawa tanpa gamelan. Puisi Jawa Tradisional ora bisa dipisahake
kalawan tembang.
Puisi
tradhisional kang awujud tembang jawa akeh banget jinisi lan kaperang dadi
telung perangan gedhe :
- Puisi
tembang macapat (puisi tembang cilik) : Kinanthi, Pocung, Asmaradana,
Mijil, Maskumambang, Pangkur, Durma, Sinom, lan Dandhanggula.
- Puisi
tembang tengahan (tembang dhagelan) : Megatruh (Dudukwuluh), Gambuh,
Wirangrong, Balabak, lan Juru Demung.
- Puisi
tembang gedhe (kawi) : Girisa
2.
Geguritan
modern ora diwatesi pathokan-pathokan lan paugeran kaya kang
ana ing geguritan tradisional. Tegese saben pada (bait) ora ditemtokake cacahe
larik. Saben larik ora ditemtokake cacahe wanda lan dhongdhinge swara
(persajakan). Pangripta mardika (bebas) anggone medharake karep. Mula geguritan
modern uga diarani geguritan bebas utawa kang saiki lumrah diarani geguritan.
Geguritan kuna |
Geguritan modern |
1. Diwiwiti nganggo tembung sun |
1. Ora ana paugeran kang
gumathok |
2. Cacahing gatra ora ajeg,
nanging sithike papat |
2. Barisane endah |
3. Cacahing wanda ing gatra
siji lan sijine kudu padha akehe |
3. Basane dudu basa padinan |
4. Tibaning guru lagu kudu
runtut |
4. Ana rima, irama, lan
intonasi |
Titikane geguritan
Titikane geguritan yaiku:
- Ora kawengku ing pathokan metrum/ paugeran
kayadene macapat
- Dudu basa padinan
- Migunakake tembung-tembung kang pinilih
- Cacahe larikan ora katemtokake
- Isine mentes
- Arang-arang nggunakake tembung-tembung
pangiket
- Tembung-tembunge singkat, mentes, padhet
- Bisa nggunakake purwakanthi
Jinise geguritan
1. Geguritan Kuna
Geguritan
kuna nduweni pathokan/paugeran:
- Cacahe gatra
(larikan) ora ajeg, nanging sithik-sithike papat.
- Cacahing wanda (suku
kata) ing saben gatra utawa larik kudu padha akehe
- Tibaning swara (guru
lagu) kudu runtut
- Sangarepe guritan
diwiwiti tembung “Sun nggurit”, utawa “Sun Ngegurit”
Conto
geguritan Kuna:
Sun
nggegurit:
Kahanan
jaman saiki
Sipat
pemudha-pemudhi
Srawunge
saya ndandi
Raket
wewekaning sepi
Tan
kadi jaman nguni
Srawung
sarwa ngati-ati
2. Geguritan Anyar
Guritan
anyar (geguritan) tegese rumpakan kang ora kaiket ing paugeran dene edi penine
rumpakan ngendelake tembung kang mentes lan pilihan.
3. Geguritan mawa dhapukan tartamtu
Miturut
pandhapuke ukara lan pangiketing tembung, arane geguritan iku warna-warna,
kayata:
- Rong gatra sapada,
diarani gita dwigatra (distikon)
- Telung gatra sapada,
diarani gita trigatra (terzina)
- Patang gatra sapada,
diarani gita caturgatra (kuatrain)
- Limang gatra sapada,
diarani pancagatra (kuin)
- Nem gatra sapada,
diarani gita sadgatra (sekstet)
- Pitung gatra sapada,
diarani saptagatra (saptima)
- Wolung gatra sapada,
diarani gita hastagatra (oktavo)
- Sangang gatra
sapada, diarani gita nawagatra
- Dhapur soneta
- Tanpa tinamtu
diarani gita mardika (puisi bebas)
4. Geguritan miturut surasane
Miturut
surasane, arane geguritan iku warna-warna, kayata:
1. Ode : surasane ngemot pangalembana marang wong
liya, Negara kang dianggep luhur.
2. Himne : surasane pangalembana marang Gusti Kang Maha
kuwaos.
3. Elegi : surasane panalangsa, njlentrehake sawijining
bab kang nelangsa lan ngrujit ati.
4. Epigram:
surasane babagan piwulang moral, pitutur kang becik kang tinulis kanthi
ringkes.
5. Satire : surasane ngenyek kanthi kasar (sarkasme)
tumrap sawijining bab kang ora adil kang ana ing madyaning bebrayan.
6. Romansa:
surasane bab katresnan.
7. Balada : surasane babagan crita utawa lakon kang
nyata utawa imajinasine pujangga.
Unsur-Unsur Batin Geguritan
Unsur-unsur kang kinandhut ana
sajroning geguritan diarani unsur batin. Ing ngisor iki bab-bab
kang kalebu unsur batin geguritan.
- Tema,
tegese punjeraning bab kang ndadekake geguritan kuwi dumadi. Utawa gagasan
pokok kang dikarepake panulis/penyair.
Tuladha
tema: sosial, moral, politik, agama, individu, lan sapiturute.
- Rasa-Pangrasa
Tembung-tembung
kang dianggo ana sajroning geguritan nduweni teges lan nduweni fungsi kanggo
manjilmakake rasa-pangrasa. Rasa-pangrasa kuwi nduwe sipat rowa lan kompleks.
Sing kalebu rasa-pangrasa kayadene: simpati, empati, antipati sedhih, susah,
seneng, kangen, gumun, lan sapiturute.
- Nada/lagu
Tegese
patrap (sikap) sing digunakake ana sajroning geguritan. Tuladha:
ngguroni, nuturi, ngenyek, muji, nyemoni, utawa patrap liyane.
- Swasana
Tegese
kahanane batin/jiwa pamaos sawise maca geguritan. Dadi, geguritan nduweni
tujuan kanggo mbangun suasana batin pamaos geguritan.
- Amanat
kang dumunung ana geguritan
Tegese
bab kang pengen diwedharake penyair/panulis marang pamaos. Amanat kuwi ora
tinulis kanthi terang trawaca ananging sinandhi ana pangrakiting
tembung-tembung.
Struktur Lahir Geguritan
Kang sinebut struktur lahir
geguritan kuwi kahanan bab apa wae kang bisa dideleng utawa digoleki ana ing
tembung-tembung kang rinakit ana sajroning geguritan. Ing ngisor iki bab-bab
kang kalebu struktur lahir geguritan.
- Pinilihing
tembung
Pinilihing
tembung uga diarani diksi. Tembung-tembung kang ana sajroning geguritan biasane
nduweni teges konotatif, asipat polisemi, lan nduweni teges rowa (abstrak).
Pinilihing tembung kang trep bisa ngasilake imajinasi kang manjila.
- Majas
Majas
utawa gaya bahasa dening Prof. Teguh (dosen UNES) diarani lelewaning
basa. Majas utawa lelewaning basa iki kanggo nambahi grengsenge geguritan.
- Rima
Rima
utawa sajak utawa persamaan bunyi kanggo nyiptakake kaendahan lan
kekuatan sawijining geguritan.
- tipografi
Tipografi
kuwi larik-larik utawa gatraning geguritan kang tinulis mawa pada utawa bait.
Bab kuwi kang mbedakake antaraning geguritan lan gancaran.
Maca Geguritan
Geguritan bisa kanggo medharake utawa ngandharake
isine ati lan aweh piwulang, pepeling, sarta pitutur marang wong sing maca.
Sawijining geguritan bakal luwih gampang olehe nggoleki amanat utawa piwulang
kang ana sajroning geguritan kanthi cara diparafrasekake luwih dhisik.
Parafrase geguritan tegese proses owah-owahan saka wujud geguritan didadekake
wujud gancaran utawa paragraf, kanthi ancas supaya maknane/tegese geguritan
luwih cetha lan gamblang. Geguritan iku bisa dirasakake kanthi maca utawa
ngrungokake, satemah bisa:
- Nemokake pesen
(amanat/piwulang) kang kamot ing sajroning geguritan,
- Nemtokake
sebab kang ndadekake endahing geguritan,
- Gawe gambaran tumrap
geguritan kang diwaca utawa dirungokake.
Kang perlu digatekake jroning nyulih wedharaning
geguritan yaiku:
- Maca tulisan
(naskah) kanthi setiti
- Ngira-ira
tetembungan kang diilangi, nuli mbalekake
- Njingglengi ten ana
pasemon utawa pralambang sing dienggo
- Njarwani
(menafsirkan makna) pasemon utawa pralambange
- Ngupakara
(merangkaikan) ukara-ukara saka panaliten dadi sawijining gancaran
Kanggo ngelingake maneh apa wae sing kudu digatekake
nalika maca geguritan, ing ngisor iki perangan-perangan sing kudu disemak lan
diugemi,yaiku:
- Wirama (irama/lagu)
Irama kudu digatekake nalika maca geguritan,
umpamane banter, alon, cetha utawa samar, lan sapanunggalane. Nalika maca
geguritan sing surasane semangat kudu nyuwara sora, beda nalika maca geguritan
sing surasane ngemu kasusahan, kudu alon, alus, lan melas.
- Wirasa (rasaning
swasana ati/penjiwaan)
Surasane utawa isine geguritan kudu dimangerteni
tegese utawa karepe. Nuli anggone maca ngetrepake utawa nyelarasake karo isining
geguritan, yaiku susah, seneng,wibawa, getun, nesu lan sapanunggalane.
- Wiraga (solah/obahing
awak, pasemon/raut muka)
Obahing awak yaiku aja kaku, luwes wae, mlaku uga
prayoga, ngobahake peranganing awak kanggo mbangun swasana. Pasemon, praenan
kudu selaras karo isining geguritan nanging aja banget-banget.
- Wicara ( basa, pocapan/ lafal)
Pocapan sing cetha nalika ngucapake aksara swara,
wanda, lan tembung.
Nulis/nggawe
geguritan
Jaman saiki panulise geguritan beda karo ing jaman
biyen ora nganggo paugeran pinathok. Geguritan ing jaman biyen diarani puisi
Jawa Kuna utawa puisi Jawa gagrag lawas, jalaran kaiket dening guru gatra, guru
lagu, lan guru wilangan. Ing puisi Jawa Kuna mesthi kawiwitan tembung “Sun
anggurit” utawa “Sun Nggegurit”. Ing puisi Jawa anyar utawa geguritan, kabeh
aturan mau ora ana. Cacahe gatra, wilangan, lan lagune bebas.
Syarat menawi badhe damel
geguritan:
- Tema : yaiku
idhe baku utawi pikiran baku ingkang dados dasare geguritan
- Diksi :
yaiku pamilihing tembung ingkang dienggo ing geguritan
- Sarana Retorika : yaiku alat kangge
ngungkapake menapa ingkang badhe dipunandharaken ing geguritan
- Amanat utawi pesen ing geguritan
Carane
nulis geguritan yaiku:
- Nemtokake tema
- Tema
mau gawea cengkorongane (kerangka)
- Saben
cengkorongan mau udhalen mawa tembung-tembung
- Milih tetembungan
kang mentes, endah lan cekak
- Menehi irah-irahan
kang jumbuh karo isine geguritan
- Anggenipun nyerat kedah awujud larik-larik, saben setunggal irah-irahan
saged dumadi 1 pada/ larik, ingkang baku maknanipun manunggal
- Saged migunakaken purwakanthi, baliswara, pepindhan utawa tembung kawi kanthi cara golek ing
kamus.
- Nggatekake paramasastra basane. Umpamane
nganggo ukara sembawa, ukara camboran lan liya-liyane. Kabeh mau duwe
pangajab supaya weling utawa amanat saka pangripta bisa tekan pamaose.
Tuladhane mengkene:
Bocah-bocah arep nggawe
geguritan kanthi tema bencana alam. Bencana alam kuwi rupa-rupa, bisa banjir,
gunung mbledhos, lindhu. Pilih salah siji, ateges wis dadi tema sing spesifik.
Umpamane mengkene:
1. Apa sing nyebabake banjir
2. Kepriye kedadeane
3. Kepriye akibate
4. Apa hikmah kang bisa disinau saka kedadean banjir.
Cengkorongan banjur diwedharake, dijlentrehake sarana
tembung-tembung kang ditata ing larik-larik mangkene.
Manungsa ora bisa nyegah
kekarepane
Negor wit-witan sasenenge dhewe
Alas-alas entek wit-witane
Mung kari suket-suket sing dadi
kanca lawase
Udan sawengi natas
Nyirep hawa panas
Banyu terus mili ngebaki kali-kali
Ora ana sing bisa nyegah
Tanggul-tanggul padha bedhah
Banyu wiwit mlebu omah
Wong-wong sing ora dosa
Kudu nandhang sengsara lan cilaka
Kelangan bandha donya
Kelangan raja brana
Uga nyawa
Manungsa padha elinga
Jagad iki kudu dijaga
Aja kokrusak, kokentekna
Marang anak putu ngengehna
Supaya bisa urip tentrem, mulya