Showing posts with label Referensi. Show all posts
Showing posts with label Referensi. Show all posts

TEMBANG MACAPAT

August 29, 2017


Tegese tembang macapat yaiku sawijining tembang kang  anggone maca, nyekarake utawa nglagokake kapedhot papat-papat. Tembang macapat thukul nalikaning zaman Majapahit lan kawiwitan antuk pangaribawa saka Walisanga, tuladhane ing naskah saka Bali utawa Jawa Timur kang asesirah Kidung Ranggalawé kang tinulis ing tahun 1334 Masehi.
Wara-Wara

Wara-Wara

July 31, 2016


WARA-WARA

Lembaga Penelitian dan Inovasi UNAIR

Wara-wara iku pocapan utawa tulisan sing isi pepènget utawa awèh weruh arupa pangumuman marang wong akèh. Wara-wara biasané dikarepaké kanggo mènèhi weruh bab kahanan sing wigati, nanging uga bisa kanggo iklan utawa golèk tenaga kanggo nyambut gawé. Pengumuman/Wara-wara pancen beda karo iklan utawa pawarta. Iklan asipat komersil tegese golek bathi, dene pawarta asipat informative, isine ngabarake marang khalayak umum. Wara-wara uga ngabarake marang khalayak umum nanging luwih wigati ngajak-nagjak nyengkuyung apa kang diwartakake utawa asipat persuasive. Wara-wara minangka pretelan kang martakake saweneh kagiatan, isine cekak aos sarta nganggo basa kang cetha, gamblang lan gampang ditampa.