Serat wedhatama ngandhut piwucal luhur kangge mbangun budi pekerti lan tumindak utama para mudha.
Wedhatama asalipun saking tembung sansekerta:
Wedha : ilmu, pathokan, pakem
Tama : becik, sae, utama, putra.
Wedhatama : Ilmu ingkang utama ingkang dados pathokan utawi pedoman kangge putra lan putri.
Serat punika kadhapuk saking 100 pupuh tembang macapat, ingkang dipunperang dados gangsal tembang, inggih menika:
Pangkur (14 pupuh,1 – 14)
Pangkur (18 pupuh, 15 -32)
Pucung (15 pupuh, 33 – 47)
Gambuh (35 pupuh, 48-82)
Kinanthi (18 pupuh, 83-100)
Wose tembang macapat kang ana ing serat wedhatama iku ngandharake bilih manungsa urip ing ngalam donya iki ora bisa uwal saka Gusti Kang Maha Kawasa, kang wis maringake kanugrahan awujud rasa pangrasa minangka sawijining bab kang bisa mbedakake manungsa karo titah liyane.
Pitutur kang kamot ana ing tembang ngandharake tumindak becik kang kudu dilakoni dening manungsa supaya bisa dadi manungsa kang utama. Tumindak kasebut yaiku tansah eling lan waspada ing samubarang gawe, lan kudu bisa ngendhaleni hawa nepsu kang gawe kapitunan marang awake dhewe lan wong liya, lan nuwuhake sikep tansah “mulat sarira angrasa wani (mawas diri)”.
TEMBANG PANGKUR
- Pangertene tembang Pangkur
Pangkur ( mungkur) punika tembang macapat ingkang nggambaraken manungsa ingkang sampun kliwat umur lan ngungkuraken kadonyan, nyimpangi bab-bab ingkang damel gendra, dredhah saengga saged nggayuh kasaenan.
- Pathokan tembang Pangkur
Guru wilangan | Guru lagu | Guru gatra |
8 | a |
7
|
11 | i | |
8 | u | |
8 | a | |
12 | u | |
8 8 | a i |
- Watak tembang Pangkur
Watakipun semangat, perwira, ksatria, temen anggenipun nebihi hawa nepsu, lan tansah nengenaken ngibadah dhateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos.
- Makna tembang Pangkur
Tembang pangkur upama isi piwulang, punika piwulang ingkang inggil. Upama tresna, punika tresna ingkang pinunjul. Saking tetembangan punika banjur kathah tembang lan gegendhingan ingkang migunakaken tembang pangkur, antawisipun: pangkur jenggleng, pangkur palaran, pangkur lombok, pangkur singgah, lsp.
- Tuladha tembang Pangkur
Materi jangkepipun saged dipunwaos wonten ing link menika:
Pertemuan 2 : Isi lan Pitutur Luhur Serat Wedhatama Pupuh Pangkur
A. Cakepan lan Gancaran Serat Wedhatama Pupuh Pangkur
Cakepan lan gancaran Serat Wedhatama Pupuh Pangkur kadosta ing ngandhap menika:
No. | Tembang | Tegesipun Tembung Angel |
1 | Mingkar mingkuring angkara,
| Mingkar-mingkur : nyimpangi, nebihi, nisihi, nyingkiri Angkara : nafsu, murka Akarana : amarga, karana Karenan : seneng Mardi : mulang Siwi : anak, bocah, putra Sinawung : dikarang, ditata, dianggit Resmining : kaendahan Sinuba : endah, becik, diurmati banget Sinukarta : diaji-aji banget, diopeni Mrih : supaya Kretarta : kelakon, kasembadan Pakartining : pagawean Luhung : luhur, linuwih Ageming : panganggo |
Gancaran : Nyingkiri hawa nafsu lan angkara murka, karana karemenan mulang putra. Ditata ing endahing tembang lan dianggit kanthi becik. Supaya kasembadan anggone nggayuh kasampurnaning ngelmu luhur kang dianggo ing nusantara. Agama dadi “panganggone/pathokaning” nglakoni urip. | ||
Amanat/ pitutur luhur :
| ||
2 | Jinejer neng Wedhatama
| Jinejer :dijejer Mrih : supaya Tan : ora Kemba : ora mempeng, ora mantep Kembenganing : kumembeng, ngecembeng. Pambudi : pangerten, bebuden, pengetahuan Mangka : yen Nadyan : walaupun Mikani : mahami, mangerteni Yekti : titeni, buktikake sepi asepa : sepi Lir : kaya sepah samun : suwung Samangsane : nalikane Pasamuan : pertemuan, pakumpulan Gonyak-ganyuk : tindak tanduk sing ora cetha, croboh Nglilingsemi : ngisin-isini |
Gancaran : Dijejer/ diandharake ing serat Wedhatama, supaya ora mlarat pangerten. Mangka senadyan wis tua lan pikun, yen ora paham elmu rasa/batin, bakalane suwung sia-sia tanpa guna. Nalikane ing pakumpulan dheweke tumindak croboh lan ngisin-isini. | ||
Amanat/ pitutur luhur :
| ||
3
| Nggugu karsaning priyangga, Nora nganggo peparah lamun angling, Lumuh ing ngaran balilu, Uger Guru aleman, Nanging janma ingkang wus waspadeng semu Sinamun ing samudana, Sesadon ingadu manis
| Nggugu : niru, manut, nuruti Karsaning : kekarepan Priyangga : dhewe Nora : ora Peparah : nganggo dipikir, empan papan Lamun : yen Angling : kandha, omong Lumuh : emoh, ora gelam Ingaran : diarani Balilu : bodho Uger : anggere Guru aleman : tansah golek aleman Janma : wong Waspadeng : waspada ing Semu : samar-samar Sinamun : nyamar Samudana : ujar manis, sumeh Sesodon : ditanggepi |
Gancaran : Nuruti kekarepane dhewe, Yen kandha asal metu tanpa dipikir disek, tapi ora gelem diarani bodho, pengene tansah dialem-alem. Nanging wong kang wis waspada ing ilmu batin, malah ngasor lan sumeh, tansah nanggepi kanthi ujar kang manis | ||
Amanat/ pitutur luhur :
|
B. Pitutur Luhur ing Serat Wedhatama Pupuh Pangkur
- Serat wedhatama ngajarake tuntunan moral ing babagan etika pribadi minangka pambangun karakter dhiri pribadhi. Ngelmu iki ngajarake supaya nampa kanthi senenging ati yen dianggep bodho (bungah ingaran cubluk) lan tetep bungah yen diina/diece (sukeng tyas yen den ina). Ing kene uga aweh pamrayoga supaya kabecikan (puruita kang patut) marang wong wicaksana kang seneng ngangsu kawruh (sarjana kang martapi) kanggo mahami ngelmu kang sejati.
- Ngajarake tuntunan moral minangka perangan saka pendidikan karakter ing babagan etika sosial, sebab minangka sawijining kuwajiban tumrap urip ing satengahing masyarakat. Ing kene diajarake supaya wong aja nganti tumindak kurang sopan lan santun ing pasatemon, mula bisa gawe isin (gonyak-ganyuk nglelingsemi) semono uga, aja tumindak sakkarepe dhewe. Sipate yen guneman kudu dipikir luwih dhisik lan nrima yen dianggep bodho, lan aja seneng dialem. Wong kudu bisa empan papan (traping angganira) lan manut tatanan Negara (angger ugering keprabon).
- Ngajarake supaya aja tumindak kayadene tumindake wong bodho, kang omongane ora karu-karuan lan ora tinemu nalar (ngandhar-andhar angendhukur, kandhane nora kaprah). Wong kang bodho iku seneng ongas/sombong (anggung gumrunggung) lan pengine dialem saben dina (ugungan sadina-dina). Wong kang cethek ngelmune lan ongas, wateke katok nalika ngomong ora gelem kalah (lumuh asor kudu unggul) lan ngremehake wong liya.
- Ngajarake tuntunan moral ing babagan manembah mring kang Maha Kuwasa. Ing kene diajarake yen agama iku minangka cagaking urip kang luhur (agama ageming aji). Sakliyane iku ngajarake babagan pemahaman marang Gusti (tan samar pamoring sukma) kanthi cara ngeningake cipta lan menep sinimpen ing sajroning ati (sinukmaya winahya ing asepi, sinimpen telenging kalbu). yen bisa nggayuh kasebut, manungsa wis entuk kanugrahaning Gusti. Manungsa bisa dumunung ing alam kosong( bali ing alaming ngasuwung), ora mendem kadonyan kang asipat ngereh manungsa liyane.