Kacarita ing jaman mbiyèn ana wong saka Tanah
Hindhustan anom jenengé Aji Saka. Dhèwèké putrané ratu, nanging kepéngin dadi
pandhita sing pinter. Kasenengané mulang kawruh rupa-rupa. Dhèwèké banjur
péngin lunga mencaraké ngèlmu kawruh ing Tanah Jawa.
Banjur anuju sawijining dina Aji Saka sida mangkat
menyang Tanah Jawa, karo abdiné papat sing jenengé Duga, Prayoga, Dora lan
Sambada. Bareng tekan ing Pulo Majethi padha lèrèn. Aji Saka banjur nilar
abdiné loro; Dora lan Sambada ing pulo iku.Déné Aji Saka karo Duga lan Prayoga
arep njajah Tanah Jawa dhisik. Dora lan Sambada diweling ora olèh lunga saka
kono. Saliyané iku abdi loro wau dipasrahi keris pusakané, didhawuhi ngreksa,
ora olèh dielungaké marang sapa-sapa.
Aji Saka banjur tindak karo abdiné loro menyang ing
Tanah Jawa. Njujug ing negara Mendhang
Kamolan.
Sing jumeneng ratu ing kono ajejuluk Prabu
Déwata Cengkar. Sang prabu iku senengané
dhahar dagingé wong. Kawulané akèh sing padha wedi banjur padha ngalih
menyang negara liya. Patihé ngaran Kyai Tengger.
Kacarita Aji Saka ana ing Mendhang Kamolan jumeneng
guru, wong-wong padha mlebu dadi siswané. Para siswané padha tresna marang Aji
Saka amerga dhèwèké seneng tetulung.
Nalika semana Aji Saka mondhok nèng omahé nyai
randha Sengkeran dipèk anak karo nyai randha. Kyai patih karo nyai randha iya
wis dadi siswané Aji Saka.
Anuju sawijining dina sang prabu Déwata Cengkar
duka banget ora wong manèh sing bisa didhahar. Aji Saka banjur saguh dicaosaké
sang nata dadi dhaharané.
Sang nyai randha lan patih dadi kagèt banget.
Nanging Aji Saka celathu yèn wong loro iku ora usah kuwatir yèn dhèwèké ora
bakal mati. Banjur Aji Saka diateraké ngadhep prabu Déwata Cengkar.
Prabu Déwata Cengkar ya rumangsa éman lan kersa
ngangkat Aji Saka dadi priyayi, nanging Aji Saka ora gelem. Ana siji panyuwuné,
yaiku nyuwun lemah saiket jembaré. Sing ngukur kudu sang prabu dhéwé.
Sang prabu Déwata Cengkar iya banjur nglilani. Nuli
wiwit ngukur lemah diasta dhéwé. Iketé Aji Saka dijèrèng. Iketé tansah mulur
baé, dadi amba serta dawa. Iya dituti waé déning sang prabu. Nganti notog ing
segara kidul. Bareng wis mèpèd ing pinggir segara, iketé dikebutaké. Déwata
Cengkar katut mlesat kecemplung ing segara. Malih dadi baya putih, ngratoni
saisining segara kidul.
Wong-wong ing Mendhang Kamolan padha bungah. Awit
ratuné sing diwedèni wis sirna. Seka panyuwuné wong akèh. Aji Saka nggantèni jumeneng
ratu ana ing negara Mendhang Kamolan ajejuluk prabu jaka, iya prabu Widayaka.
Déné patihé isih lestari kyai patih Tengger. Si Duga lan si Prayoga didadèkaké
bupati, ngarané tumenggung Duduga lan tumenggung Prayoga.
Sang prabu Jaka, iya sang prabu Widayaka nimbali si
Dora lan si Sambada. Kacarita sang prabu Widayaka, pinuju miyos siniwaka.
Diadhep kyai patih serta para bupati. Sang prabu kèngetan abdiné sing didhawuhi
ngreksa pusaka keris ana ing Pulo Majethi. Ndangu marang Duduga lan Prayoga
kepriyé wartané si Dora lan si Sembada. Prayoga lan Duduga ora bisa mangsuli
awit wis suwé ora krungu apa-apa.
Kacarita si Dora lan si Sambada sing kari ana ing
Pulo Majethi. Wong loro iku wis padha krungu pawarta manawa gustiné wis
jumeneng ratu ana ring Mendhung Kamolan. Si Dora ngajak sowan nanging si
Sambada ora gelem awit wedi nerak wewaleré gustiné, ora pareng lunga-lunga seka
pulo Majethi, yèn ora tinimbalan.
Nanging si Dora nékad arep sowan dhéwé. Si Sambada
ditilapaké. Banjur mangkat ijèn waé. Ana ing dalan si Dora kapethuk karo
tumenggung Duduga lan Prayoga. Utusan loro mau banjur diajak bali déning si
Dora. Awit si Sambada dijak ora gelem. Wong telu banjur sowan ing ngarsané sang
prabu.
Sang Prabu ndangu si Sembada ana ing ngendi lan
diwangsuli yèn dhèwèké ora gelem diajak. Mireng aturé si Dora, sang prabu duka
banget, lali dhawuhé dhéwé mbiyèn. Banjur Dora, didhawuhi bali menyang pulo
Majethi lan nimbali si Sambada. Yèn meksa ora gelem didhawuhi dirampungi lan
kerisé dibalèkaké.
Dora sanalika mangkat. Ing pulo Majethi ketemu karo
Sembada. Kandha yèn mentas sowan gustiné. Saiki diutus nimbali si Sambada.
Pusaka keris didhawuhi nggawa. Nanging si Sambada ora ngandel marang kandhané
si Dora. Banjur padha padu ramé. Suwé-suwé padha kekerangan, dedreg ora ana sing
kalah, awit padha digdayané. Wasana banjur padha nganggo gaman keris padha
genti nyuduk. Wekasan perangé sampyuh. Si Dora lan si Sambada padha mati kabèh.
Sang Prabu ngarep-arep tekané si Dora. Wis sawetara
suwéné teka durung sowan-sowan mangka didhawuhi énggal bali. Sang prabu nimbali
tumenggung Duduga lan Prayoga. Didhawuhi nusul si Dora menyang pulo Majethi.
Sanalika banjur mangkat.
Bareng Duduga lan Prayoga wis teka ing pulo mau,
kagèt banget déné si Dora lan si Sembada ketemu wis padha mati kabèh. Tilasé
mentas padha kekerangan padha tatu kena ing gaman. Pusaka keris sing dadi
rereksan gumléthak ana ing sandhingé. Pusaka banjur dijupuk arep diaturaké
marang gustiné.
Duduga lan Prayoga banjur bali sowan ing ngarsané
gustiné lan mratélaké kahanané. Sang Prabu Widayaka kagèt banget mireng
pawarané, awit pancèn kaluputané dhéwé wis kesupèn pandhawuhé. Banjur sang
prabu nganggit aksara Jawa nglegena kanggo mèngeti abdiné loro iku.
Kanggo mèngeti rong panakawané sing setya nganti
pati: Dora lan Sembada. Kaloroné mati amarga ora bisa mbuktèkaké dhawuhé sang
ratu. Mula Aji Saka banjur nyiptakaké aksara Hanacaraka supaya bisa kanggo
nulis layang.
Urutane kaya ing ngisor iki :
"Hana caraka" tegesé
"Ana utusan"
"Data sawala" tegesé
"Padha garejegan"
"Padha jayanya" tegesé
"Padha digjayané"
"Maga bathanga" tegesé
"Padha dadi bathang".
A. 1. Aksara Carakan
Aksara Jawa carakan
diarani uga nglegena (dhasar)iki cacahé ana rong puluh lan nglambangaké kabèh
foném basa Jawa. Urutan aksara iki kaya mengkéné:
B. Sandhangan
C.
Sandhangan Mandaswara utawi Panjingan
Sandhangan Mandaswara yaiku aksara Jawa sing karangkep aksara
“ra” , “ya”, “wa” , lan “la”.
Sandhangan mandaswara menika wonten 5 yaiku :
1.
Cakra ra
(.....] ) menika
Sandhangan mandaswara ingkang unsure pungkasan awujud konsonan r .
2.
Cakra keret (....} ) dipunginakaken kangge nglambangaken gugus konsonan
ingkang unsure pungkasan konsonan“r”lan diikuti vocal “e”.
3.
Cakra ya
(.....-. ) dipunginakaken
kangge nglambangaken konsonan “y” ingkang gabung kaliyan konsonan sanes ing
satunggal suku kata.
4.
Cakra wa
( ....W. ) dipunginakaken
kangge nglambangaken konsonan “w” ingkang gabung kaliyan konsonan sanes ing
satunggal suku kata.
5.
Cakra
la (....L..
) dipunginakaken kangge
nglambangaken konsonan “l” ingkang gabung kaliyan konsonan sanes ing satunggal
suku kata.