a. Panyandra
- Yaiku unen – unen saemper
pepindhan kang surasane mawa tetandhingan sarta ngemu teges mirip utawa memper.
Tetandhingan iku lumereng marang kaendahan. Kang dicandra bab becike lan mengku
karep ngalem kaendahane, kayata kahananing manungsa, kahanane sata kewan,
kahanane tetuwuhan, kahanane alam, lsp.
- Tuladha :
1.
Candraning manungsa (Perangane awak)
o dedege pideksa
(ngringin sungsang)
o kulite kuning nemu
giring.
o rambute ngombak banyu
(ngembang bakung).
o irunge ngudhup mlathi
(ngrunggih).
o alise nanggal sepisan
(wulen tumanggal).
o idepe tumengeng tawang.
o mripate ndamar kanginan
(blalak-blalak).
o sinome micis wutah.
o untune miji timun (rata
lir ombaking warih).
o pundhake nraju mas.
o pipine nduren sajuring
(nlesung pipi).
o lambene nggula
sathemlik.
o bangkekane nawon kemit.
o pupune ngembang pudhak.
o lengene nggendhewa pinenthang.
o godheke ngudhup turi.
o kempole nyikil walang.
o drijine mucuk eri.
o payudarane nyengkir
gadhing.
2.
Candrane solah bawa (Penggambaran Tingkah Laku)
o lakune kaya macan luwe.
o lambeyane kaya merak
kasimpir (mblarak sempal).
o rukune kaya mimi lan
mintuna.
o swarane kaya
mbelah-belah bumi.
o pangamuka kaya bantheng
ketaton.
o polahe wong kaya gabah
den interi.
o lampahe mendheg-mendheg
kaya sato manggih krama.
o bungahe kaya ketiban
daru.
o sumbare kaya bisa
mutungake wesi gligen.
o tandange cukat
trengginas kaya jangkrik mambu kili
3.
Candrane wong nesu (Penggambaran Orang Marah)
o talingan
lir sinebit.
o jaja
mengkap bang mawinga-winga.
o angga
mubal dahana.
o netra
andik angatirah.
o imba
tepung lir kupu tarung.
o idep
mangada-ada.
o waja
gathik.
o kumedhot
padoning lathi.
4.
Candrane wong nginum
o eka
padma sari.
o dwi
amartani.
o tri
kawula busana.
o catur
wanara rukem.
o panca
sura panggah.
o sad
guna wiweka.
o saptakukila
warsa.
o hasta
sacara-cara.
o nawa
gra lupa
o dasa
yaksa wangke
5.
Candrane mangsa (Penggambaran Keadaan
Musim)
a. Satya murca ing embanan = candrane mangsa
karsa, tegese wiwit wit-witan padha brindhil.
b. Bantala rengka = candrane mangsa karo,
tegese lemah-lemah padha nela (mlethek).
c. Suta manut ing bapa = candrane mangsa
katelu, tegese wit gembili (gadhung) padha mrambat.
d. Waspa kumembeng jroning kalbu = candrane
mangsa kepapat, tegese tuk-tuk padha pipet (bumpet).
e. Pancuran mas sumawur ing jagat = candrane
mangsa kalima, tegese wiwit akeh udan.
f. Rasa mulya kasucian = candrane mangsa
kanem, tegese ungsum woh-wohan mirasa.
g.
Wisa kentar ing maruta = candrane mangsa
kapitu, tegese akeh lelara.
h. Ajrah ironing kayun = candrane mangsa
kawolu, tegese mangsane kucing gandhik.
i. Wedharing wacana mulya = candrane mangsa
kasanga, tegese mangsane gareng muni, gangsir ngenthir.
j. Gedhong minep ironing kalbu = candrane
mangsa kasepuluh, tegese akeh kewan meteng, manuk ngendhog.
k.
Sotya sinara wedi = candrane mangsa sada,
tegese mangsa manuk ngloloh.
l. Tirta sah saking sasana = candrane mangsa
desta, tegese mangsa bedhidhing utawa adhem.
6.
Candrane satriya bagus (Penggambaran Satriya
Bagus)
Satriya ing Madukara Raden Janaka (Arjuna)
iya Sang Pamadya padha-padha satriya wasis lan waskitha, tata, titi, titis lan
trengginas, sekti mandraguna, digdaya pinunjul ing apapak, bisa manjing
ajur-ajer, bisa mrojol ing akerep pratandha satriya gentur tapane, kerep nenepi
ing guwa kang sirung. nenedha ing dewane, saka tekad kang murni lan kenceng
marang pandenge. mring luhuring dhiri datan wigih ing lara, wani marang pati
jroning ngaurip.
b.
Pepindhan
- Yaiku tetembungan utawa
unen – unen kang ngemu teges irib – iriban utawa emper – emperan, ameh padha.
Pindha nunggal karep karo kaya, kadya, lir, kadi, pendah.
- Dene gunane pepindhan kanggo ngandharake kawujudan, kahanan, pakarti, lan sapanunggalane kang sipate mbangetake katimbang karo kawujudan, kahanan, pakarti kang saknyatane.
- Tuladha :
1.
Bungahe kaya ketiban ndaru
2.
Cep klakep kaya orong – orong kepidak
3.
Lakune kaya macan luwe
4.
Kuning pindha emas sinangling
5.
Tandange cukat kadya kilat, kesit kadya
thathit.
c.
Tuladha panyandra ing
pahargyan temanten :
1. Penganten
Putri Kalenggahaken ing Sasana Rinengga
(sinubagya
ungeling Gendhing Ketawang Puspawarna Slendro Manyura)
Binarung
swaraning pradangga munya angrangin, ana ganda arum angambar ngebeki jroning
sasana pawiwahan, nulya kawuryan ana teja angenguwung mawa praba, tuhu punika
tejane penganten putrid ingkang binayangkare mijil saking tepas wangi, kinanthi
manjing sasana rinengga. Simpating busana ingkang angemba busananing prameswari
nata, tinon saking madrawa ambyor mopyor pating galebyar pating clorot,
katempuk ing pandam kurung ingkang anggregani, lamun cinandra kadya kilat
asesiring. Amucang kangingan denira lumaksana penganten putri, membat madya
lumenggang ing warih. Meloking wadana samunu agilar-gilar kadya kencana
binabar, sunaring netra adamar kanginan.
Wewening
pranaja singget kapathet ing ageman, pindha cengkir gading dipingit, yayah
anjebol-jebolna mekak madya ingkang minangka setubandaning sarira. Kicating
pada katon pating galebyar dening rerengganing canela ingkang tinaretes ing
sesotya nawaretna, ginantha ing wardaya candrane kaya wredhu angga sasra lumaku
ing wanci dalu.
2. Penganten
Kakung Mlebet ing Sasana Pawiwahan
(Kabarung
ungeling Gendhing Ladrang Wilujeng Pelog Barang)
Kumenyar
mawa prabawa, kentar-kentar winor ganda wida. Sumirat ambabar teja maya, saya
dangu saya cetha, saya caket saya ngalela. Prnyata punika tejaning penganten
kakung ingkang binayangkarya mijil saking wisma palereman. Kinanthi manjing
sasna pawiwahan.
Mubyar-mubyar
busananing penganten kakung inkang angemba busananing narapati., lamun kadulu
katon agung, mrabu, miwah mrabawa. Agung ateges kebak ing kaindahan kang
sanyata adi luhung; dene mrabu ateges pindha jejering narindra kebekan ing
kawibawan luhur; mrabawa ateges sinnung prabawa adi endah milangoni.
Dhamyak-dhamyak ingkang samya lumaksana angayap sang pinangtyan kakung,
pinarangan dening para kadang santana miwah warga wandawa. Dhasar penganten kakung
anyardula lapa tindake, riyak anggajang ngoling, lembehan merak kasimpir.
Sarira amrabata, sembada ing driya tan mingkuh saliring kewuh; yen ta tamtama
sumbaga wirotama prawirya jayeng palugon, tatag tangguh tanggon, tanggung jawab
prapteng ngendon. Mila kalamun pinentha ing wardaya candrane kadi narendra
ingkang arsa tendhak siniwaka, lenggah ing dhampar denta.