KISAH MAHABARATA
Asal-Usul Krajan Hastinapura
Awal kedadean saka
ketemune antara raja Duswanta lan Sakuntala. Raja Duswanta iku raja agung saka
kerajan Chandrawangsa karo ngrupakne turun saka Yayati, dheweke nikah karo Sakuntala
awit dhawuh saka Bagawan Kanwa sing banjur nduwe putra kang dijenengi sang
Bharata. Raja Duswanta banjur mbangun pamarentahan kang diwenehi jeneng
Hastinapura.
Sakwise kuwi, sang
Bharata nduwe putra, Sang Hasti. Kabeh raja saka Hastinapura uga turunan saka sang
Hasti. Saka keluarga Hastinapura kesebut, lair sang Kuru sing nguwasani lan nyucikake
daerah sing amba banget utawa sing dikenal karo Kurukshetra.
Jero Dinasti Kuru, laira
sang Pratipa sing dadi bapak saka prabu Santanu sing dikenal dadi leluhur saka
para Pandawa lan Kurawa. Prabu Santanu dhewe iku raja sing paling mahsyur saka
garis turun sang Kuru sing asale saka Hastinapura. Dheweke rabi karo dewi
Gangga sing dikutuk kanggo mudhun menyang bumi.
Laire Bisma
Nalika iku, sawijining
raja kang asma Mahabima, turunane Bathara Surya, bali menyang kahyangan sakwise
nganakake upacara Aswameda lan Rajasuya. Para dewa lan Dewi Gangga sowan madhep
marang Bathara Brahma. Ujug-ujug ana angin kenceng kang gawe kaine Dewi Gangga
kabuka saengga samparane katon. Para dewa nunduk ora wani mandeng, kajaba
Mahabima. Mahabima wis nglakokake tumindak sing ora becik kanggo penduduk
kahyangan. Banjur dheweke lan Dewi Gangga dikutuk mudhun menyang bumi.
Ing bumi Dewi Gangga
ketemu karo Prabu Santanu, banjur nikah. Kalorone diparingi 7 anak, ning kabeh
anak kesebut dikelemke marang sang dewi ing kali Gangga kanthi alasan menawa
kabeh anak kesebut wis kena kutukane.
Nanging, anak sing
nomer-7 bisa dislametake dening prabu Santanu lan banjur diwenehi jeneng
Dewabrata. Sakwise kedaden kesebut, akhire dewi Gangga lunga ninggalake prabu
Santanu, bali menyang kahyangan. Sakwise Dewabrata dewasa, owah jeneng dadi
Bisma. Dheweke nglakoke supata/ janji bhishan pratigya (supata kanggo membujang
salawase lan ora arep marisi tahta bapake). dheweke nglakoke hal kesebut amarga
ora pengen dheweke lan kabeh keturunane mungsuh karo putra saka Satyawati,
(embok tiri saka Dewabrata).
Sakwise ditinggal
lunga saka Dewi Gangga, akhire sang prabu dadi duda. Pirang-pirang taun
sakbanjure, Prabu Santanu nikah maneh karo putrine Dasabala, sawijining nelayan,
sing nduwe jeneng Dewi Satyawati (uga kasebut Gandhawati utawa Durgandini). Saka
raben kesebut, diparingi loro anak yang sing diwenehi asma Citrānggada dan
Wicitrawirya.
Kasiar kabar yen ana
sayembara ing kerajaan Kasi kang rajane Raja Kasindra. Sang Dewabrata/Bisma lunga
menyang kerajan Kasi kanggo meloni sayembara. Bisma menangake sayembara kesebut
lan kasil nggawa balik telung putri sing nduwe jeneng Amba, Ambika lan Ambalika
sing banjur digawa mulih kanggo dirabekne karo adhi-adhine.
Amarga Citrānggada wis
seda, banjur Ambalika lan Ambika nikah karo Wicitrawirya. Dene Amba tresna marang
Bisma, nanging Bisma ora gelem nampa katresnan saka Amba amarga wis kaiket
dening sumpah kanggo membujang salawase. Marga saka usaha kanggo njaga Amba
saka awake, ora sengaja panah Bisma kaprucut sing pungkasanipun nembus dada
Amba. Sakwise sedane Amba, Bisma ing katresnan mangerténi ing liyawektu Amba
bakal reinkarnasi dadi pangeran sing duwe ciri feminin, yaiku anak Prabu
Drupada sing jenenge Srikandi.
Lan sedane Bisma mengko
uga ing tangan Srikandi kang mbantu Arjuna ing perang gedhe ing Kurukshetra.
Citrānggada gugur nalika perang, banjur digantèkaké déning seduluré jenengé
Wicitrawirya. Nanging, Wicitrawirya piyambak uga tilar donya ing umur enom lan
wis ora duwe keturunan. Banjur dewi Satyawati ngirim garwa nomer kalihipun
Wicitrawirya (Ambika lan Ambalika) supaya ketemu Resi Abiyasa kanggo njaluk
keturunan. Satyawati ngirim dewi Ambika menyang Resi Abiyasa ing bale upacara.
Laire Drestarastra, Pandu, lan Widura
Sawise Ambika njaluk
menyang bale, weruh pasuryane Resi Abiyasa kang gedhe karo mripate metu cahya
murub. Mangkono nggawe Ambika nutup mripate kaya ing kabèh upacara, lan
ndilalah Ambika nglairake putra kang mripate wuta lan dijenengi Drestarastra.
Sawisé iku, kanggo
ngunjungi Resi Abiyasa, Ambalika menyang bale upacara kaya Ambika. Nanging dheweke
mripate melek supaya anake ora bakal lair lamur kaya anak saka Ambika
(Drestarastra). Mulane, Ambalika supaya melèk nganti upacara iki rampung,
nanging sawise upacara, dadi bulak banget amarga sajrone upacara ora nutup mata.
Sesampunipun, lair Pandu (putra Ambalika), lair bulak utawa pucet.
Drestarastra lan Pandu
uga duwe sedulur jenenge Widura. Widura dadi anak saka Resi Abiyasa karo dayange
Ambika lan Ambalika sing jenenge Datri. Nanging, nalika upacara iki, Datri
dikon njupuk panggonan tapi malah mlayu
metu saka bale amarga ora kuat ndeleng pasuryane Resi Abiyasa sing wis
mencorong lan pungkasane dheweke tibo, saengga
anak (Widura) sing lair saka Datri duwe sikil cacat.
Drestarastra, Pandu lan
Widura diasuh lan dididik dening Bisma jumbuh karo derajat kasatriaan supaya
mbesuk dadi satriya utama. Amarga Drestarastra lair kanthi mripat sing wuta, mula
tahta Hastinapura diwenehake marang Pandu kanthi gelar “Pandudewanata Binatara
Nyakrawati Mahadiningrat”.
Laire Pandhawa lan Kurawa
Banjur Pandu nikahi Dewi Kunti putrine Prabu
Kuntiboja saka krajan Mandura. Sawisé iku, Pandu nikah maneh karo dewi Madrim
adike Prabu Salya saka krajan Madra. Sawijining dina Prabu Pandu pengen berburu
karo ngajak bojo-bojone. Nanging amarga kesalahan nalika berburu, dheweke malah manah kidang sing
lagi nindakake katresnan. Kidang iku banjur nyumpahi Pandu, bilih Pandu ora bakal
bisa maneh ngrasakake kabungahan sesambetan karo kakawinan, yen dilanggar, Pandu
bakal ketemu marang pati. Sawise iku, pungkasane kidang iku seda lan ganti
wangun asline dadi sawijining pandita kang aran Pandhita Kimindama.
Amarga kaweden marang
kutukan mau, Prabu Pandu ngajak bojo-bojone nyenyuwun marang Sang Hyang Widi
supaya bisa diwenehi keturunan. Banjur Kunti, nyeritakake kanugrahan kang
diwenehi dening Resii Druwasa sing mara marang kerajaane bapakne. Anugerah kuwi
mantera kanggo ngundang para Dewata supaya oleh karunia awujud putra. Banjur
Pandu ngutus supaya Kunti ngundang Dewa
Dharma. Saka iku banjur lair Yudistira sing duweni kepribadian kang wicaksana.
Sawise setaun, Pandu ngutus Kunti maneh supaya ngundang Dewa Bayu,
yaiku dewa sing paling kuat ketimbang dewa-dewa liya. Saka Dewa Bayu lair
Bhismasena sing gagah perkasa. Bhismasena duwe kakuwatan kang ngluwihi saka
kakuatane dewa Bayu. Taun sabanjure Pandu ngutus Kunti nglairake anak maneh.
Kunti banjur ngundang Indradewa, Dewa sing paling termasyhur antara para Dewa.
Banjur lair Arjuna sing dilairaken dadi pahlawan sejati uga nyekel teguh ajaran
kebeneran.
Pandu isih pengen
Kunti ngundang dewa maneh, sanadyan wis diwenehi putra-putra kang sempurna.
Nanging mantra kuwi ora oleh di gunakaken luwih saka kaping telu. Amarga iku,
Pandu sedih. Banjur Kunti ngajarake mantera kuwi marang Madri, yaiku bojone
Pandu kang kapindo. Banjur Madri nglaksanaken niate kuwi, dheweke ngundang Sang
Kembar tabib para dewata Ashwin Kumar. Lair anak Madri saka dewa Ashwin yaiku
Nakula Sadewa kang duweni kawanian ingkang gedhe lan kawicaksanaan.
Raden Dhestarastra
krama karo dewi Gendari. Bareng karo laire Bhismasena, dewi Gandhari nglairake 99
anak lanang lan 1 nglairake anak wadon, ing antarane Duryudana, dursasana,
dursilawati, Durmuka, Durmaganti,Citraksa, Citraksi, Kartamarma lan isih akeh
meneh. Gandheng cacah satus mula diarani Sata Kurawa. Bala kurawa iku racake
duwe watak dengki, srei, jail, methakil, daksiya sapadha-padha. Sing diagungake
tumindak dursila.
Rikala Duryodana lair
Raja Dhristrata oleh firasat sing ora apik. Deweke ngrembug bab kuwi karo
Widura adine sing lair saka dayang ibune. Widura ngendika yen kelairane
Duryodhana ngawali kadadean sing paling ngeri nimpa kaluwargane yaiku ilange
dinasti Kuru. Raja Dhristrata ora peduli firasat lan maknane sing dikandakake
dening Widura.
Sawise urip cukup lan
seneng sasuwene 15 taun luwih, Kunti lan putra-putarne mlaku-mlaku ana ing
alas, Pandu lan Madri ditinggal ana ing Ashram. Amarga wis suwi ora nglakoni
hubungan, Pandu weruh ayune rupane Madri dheweke lali karo kutukane sepasang
Rishi sing dipanah rikala awujud rusa, sadurunge nglakoni hubungan karo bojone,
Pandu mati.
Madri sedih banget
amarga kadadean iku. Dheweke nyalahake awake dhewe kang ora bisa nahan nafsu
suamine supaya ora nglakoni hubungan karo deweke sing ngakibatake Pandu mati.
Madri banjur melu bakar awake bareng karo pembakaran layone Pandu. Kunti luwih
mikirake nasibe anak-anake lan milih balik ning Hastinapura kaliyan Para
Pandawa. Banjur Pandhawa lan Kurawa diasuh bareng dening Bisma lan diajar
elmu-elmu kasatriyan.
Pandawa Lan Kurawa Meguru Durna
Sawise Pandawa lan
Kurawa meguru marang Begawan Krepa, sabanjuremeguru marang Begawan Durna, ipenipun
Krepa. Caritane mangkene. Begawan Durna iku putrane Resi Baratwaja.Sawijining
wektu Durna karo putrane kang namane Aswatama tumuju menyang nagara Pancala
bakal nemoni kadang sumitrane Sucitra, kang saiki jumeneng nata ing Pancala. Durna
ora ditampa malah kapulasara (dianiaya) dening Patih Gandamana nganti rusak
sarirane. Kanthi nggawa lara atine, Durna mbacutake laku bakal nemoni ipene
KrepaGajahoya. Ing samadyaning laku kepanggih karo Pandawa lan Kurawa kang lagi
dolanan yen jaman saiki bal-balan. Ndilalah bal sing dingo dolanan kecegur sumur,
lan ora ana kang wani njupuk. Kanthi pitulange Durna, bal isa dijupuk kanthi
jemparing saka alang-alang. Para Pandawa lan Kurawa padha kaget lan ngalembana
kasektene Durna. Bab iku diaturake marang Bisma. Miring aturiku Bisma seneng
banget jalaran pancen lagi golek guru kang linangkung, mulaDurna ditimbali
sarta kadhawuhan anggladhi Pandawa lan Kurawa supaya mundhak kaprigelan jurit
lan wawasane. Durna saguh paring piwucal, nanging kanthi bebena suk yen wis pinter
ora kena nulak kabeh pamundhute Sang Durna. Pandawa lan Kurawa ora wangsulan,
mung Arjuna dhewe kang nyaguhi. Bareng wis sawetara wektu, kabeh padha prigel
olah kanuragan lan kawruh apa wae, semono uga bab kang sinandi. Bima lan
Duryudana pinter. Bima lan Duryudana prigel ngginakaken gada, Nakula lan Sadewa
prigel nggunakake pedhang. Yudhistira prigel perang kanthi numpak kreta, Aswatama
prigel ing guna beksi (obat-obatan), Arjuna prigel jemparing. Anaing pandadaran
siswa Sokalima, Bima tandhing yuda karo Duryudana, semono uga Arjuna tandhing
Karna, sanyatane kabeh padha digdayane. Sawijining dina Durna kepengin males
lara atine marang Drupada kang rikala semana gawe serik atine. Kabeh satriya
diklumpukake, supaya ngrangket Drupada minangka tandha bektine marang Guru. Para
Kurawa ndhisiki nyerang, nanging isa dikalahake.Genti para Pandawa kang
nyerang,wusanane Drupada isa dirangket urip dening Arjuna, kang
sabanjuredipasrahake marang Durna.Gandheng Drupada kalah, Nagara Pancala separo
sisih lor dijaluk Durna, dene sisih kidul diprenah Drupada.
Sadurunge Prabu
Pandhudewanata seda meling karo Raden Destharastra supaya Ngastina besuk
dipasrahake Pandhawa yen wis pada gedhe. Nanging Raden Destharastra mblenjani
janji. Kraton dipasrahake marang raden Duryudana putrane sing gedhe dewe.
Pandhawa ora
narimakake banjur njaluk baline kraton Ngastina. Prabu Duryudana sak sedulur
cukeng ora gelem masrahake. Gandheng Kurawa kenceng ora gelem diajak
apik-apikan, wusanane kapeksa Pandhawa ngrebut Kraton Ngastina sarana perang.
Perange Kurawa lan Pandhawa mau diarani perang Barathayuda.
Pandhawa lan Korawa
kalebu loro kelompok kanthi sifat sing beda-beda kalebu saka leluhur sing
padha, yaiku Kuru lan Bharata. Korawa (khususe Duryodana) minangka licik lan
tansah iri ati karo kaluwihane Pandhawa. Pandhawa pribadine tenang senajan
sering dilarani dening sepupune. Dretarastra, nresnani banget putera-puterane.
Hal kasebut nggawe dheweke asring diasut dening ipare yaiku Sangkuni, karo
putera kesayangane yaiku Duryodana, supaya bisa ngidini nggawe rencana jahat
kanggo numpas para Pandhawa.
Prastawa Bale Sigala-gala
Bola-bali Kurawa
nggawe cara utawa ngreka supaya Pandhawa bisa mati. Nanging Pandhawa tansah
pinaringan slamet saka Pangeran awit saka sakabehing paekane sadulur-sadulur
nakndulure iku mau. Rumangsa kentekan cara anggoné arep nyirnakake Pandhawa lan
Ibune, ing sawijining dina Duryudana sowan marang ramane ya iku Prabu
Drestarasta.
Ature Duryudana, “Dhuh
Kanjeng Rama, jejimat kula, pepundhen kula inggih sesembahan kula sakadang ing
Ngarcapada. Pawartos ingkang kula rungu, kawula ing Astina badhé marak sowan
wonten ngarsanipun Kanjeng Rama, monjuk atur prekawis wisudhanipun Adhimas
Yudhistira jumeneng nata ing Astina, nggentosi kalenggahanipun Paman Prabu
Pandhudewanata, jer samangke pun adhi kadang Pandhawa sampun ngancik diwasa.
Manawi pawartos punika nyata, lajeng kados pundi kawontenan kula sakadang
mangke. Boten sanès, kula lan kadang Kurawa sadaya badhé dados reh-rehanipun
kadang Pandhawa. Pramila awit saking punika, manawi kepareng kadang Pandhawa
badhé kula sirnakaken kemawon.”
Krungu ature putrane
mau (Duryudana), Prabu Drestarastra sakkal njegreg kaya tugu, sapandurat ora
bisa paring pangandika. Sawisé sareh sawatara Prabu Drestarstra lagi bisa paring
wangsulan. Prabu Drestarastra ora sarujuk panyuwunane Duryudana sasedulur, awit
panyuwunan kuwu nalisir saka watak utama lan nyimpang saka darmaning
satriyatama.
Duryudana sasedulur
ora manut pituture ramane, Prabu Drestarastra. Kanthi sesidheman Duryudana
utusan salah sawijining abdi kang banget dipercaya, kadhawuhan nggawe bale
pasanggarahan ana ing dhusun Waranawata, dhusun kang asri kang mapan ana ing
sangisoring gunung, cedhak alas. Bale mau digawé saka pring petung kang ing
sajerone diiseni dammar. Mula katelah kanthi sebutan bale sigala-gala, tegesé
bale kang isiné gala.
Sawisé bale iku dadi,
kanthi ulat manis Duryudana dhawuh marang Yudhistira seduluré, kautus ameng-ameng
ana ing padhesan saperlu golèk undhaking kawruh minangka sangu kanggo jumeneng
ratu ana ing Astinapura. Amrih bisa mangerteni watak wantune kawula cilik ing
padhusunan Pandhawa sakadang lan Ibune kadhawuhan masanggrah ana ing bale
pasanggrahan, ing sawatara wektu. Pandhawa ora nduwé rasa cubriya marang
pangandikane sadulur tuwané.
Bareng wis siyap
sakabehe, lan nyuwun pamit uwa Prabu Drestarastra, marang paman Arya
Yamawidura, lan Eyang Resi Bisma, Pandhawa sakadang lan Ibu Dewi Kunthi budhal
lelana brata. Kanggo samudana, Suyudana utusan abdine kang aran Purocana,
kautus ndherekake lungane Pandhawa sakadang, uga kadhawuhan ngladeni dhahare.
Ing sawijining dina,
nalika Pandhawa sakadang lagi ngaso ana ing bale pasanggrahan, ana utusan saka
paman Arya Yamawidura kang sowan, arane Kanana. Ature Kanana manawa kadang
Pandhawa kudu ngati-ati, awit mbesuk ing
malem tanggal 14 wulan iki Purocana kautus Duryudana ngobong bale
pasangganggrahan. Kuwi ditindakake nalikane Pandhawa sakadang lan Ibune
nedheng-nedhenge sare. Nanging Pandhawa dijaluk ora susah was sumelang lan
kuwatir, awit Kanana bakal nggawekake trowongan sinandhi minangka dalane
Pandhawa sakadang ucul saka pasanggrahan iku.
Ing dina kang wis
ditemtokake, Pandhawa ngajak kembul dhahar bebarengan karo Purocana. Nalika
samana Purocana ilang kaprayitnane. Anggoné mangan keladuk akèh, kepara nganggo
inum-inuman ndem-ndeman. Purocana mendem tenan, banjur nglumpruk kaya raseksa mati. Ing
wektu iku, Pandhawa banjur ngobong bale pasanggrahan. Nalika geni murub
ngalad-alad, Bima minangka panenggaking Pandhawa, mbopong sadulur-seduluré lan
ibune, kapondhong mlayu metu liwat trowongan sinandhi, wusana njedhul ana ing
satengahing alas. Pandhawa slamet, luput saka bebeya awit paekane kangmase ya
iku Duryudana.
Kacarita ing nagara
Astina krungu pawarta ature kawula padhusunan bab bale pasanggrahan kang kobong
ing wayah wengi. Prabu Drestarasta lan Resi Wara Bisma krungu pawarta mau
penggalihe sungkawa, ora bisa ngampet nganti
netesake eluh. Tumrape Arya Yama Widura mung gumujeng ing batin, awit dhèwèké
mangerteni kabèh sejatine kedadeyan ing Waranawata. Déné Suyudana lan
adhi-adhine padha bungah-bungah jejogedan awit rumangsa wis ilang klilipe.
Bima lan Bojo-bojone
Nalika metu liwat
trowongan, Pandhawa dibimbing dening garangan putih minangka jelmaan saka Sang Hyang Antaboga tekan bumi lapisan
ke-7 kang arane Sapta Pratala. Ing kene Bima banjur kenal lan dinikahake karo
putri Sang Hyang Antaboga sing jenenge Dewi Nagagini. Saka pernikahan kasebut dheweke duwe putra kang diarani
Antareja sing dadi salah sawijining ahli perang.
Sawise para Pandhawa
ninggalake kayangan Sapta Pratala, dheweke mlebu alas. Ing tengah alas, para Pandhawa ketemu karo Prabu Arimba sing
kalebu putra saka Prabu Tremboko sing wis dipateni dening Prabu Pandu amarga dihasut
Sengkuni. Ngerti asal usul para Pandhawa, Prabu Arimba banjur arep mateni
Pandawa, tapi kalah lan pungkasane dheweke gugur ing tangane Bima.
Ananging Adike Prabu
Arimba ora lara ati marang Bima. Sadurunge mati Prabu Arimba nitipake adike
yaiku Dewi Arimbi menyang Bima. Arimbi sing wujude rakseksi, gawe Bima nolak
rasa tresnane. Banjur Dewi Kunti sing ndeleng katresnan saka Dewi Arimbi,
"Duh ayune, bocah iki…" Ora let suwe, Dewi Arimbi sing maune elek
rupane, owah dadi ayu banjur Bima gelem nikahi Dewi Arimbi. Pasangan iki
pungkasane duwe putra sing ahli perang ing udara sing dijenengi Gatotkaca.
Gatotkaca mengkone diangkat dadi raja ing Pringgandani dadi pengganti pamane,
Prabu Arimba. Bima uga duwe putra sing ahli perang ing banyu, yaiku putra Bima
karo Dewi Urangayu, putri saka Hyang Mintuna, dewa penguasa air tawar. Putra
iki dijenengi Antasena.
Sayembara Drupadi
Sakwise nglewati alas
gung liwang liwung, Pandhawa tekan ing Kerajaan Panchala. Ing kene kesiar kabar
yen Raja Drupada nganakake sayembara gawe Dewi Dropadi. Sayembarane yaiku
sayembara jemparing nganggo busur Gandiwa, warisane krajan Duhyaputra. Busur
iki ora bisa diangkat dening sembarangan wong. Prajurit 1000 wae durung mesthi
bisa ngangkat busur iki.
Karna menang ing
sayembara kasebut, tapi ditolak dening Dropadi. Pandhawa melu ngadhepi
sayembara iku, nanging padha nganggo busana kaya kaum brahmana.
Pandhawa melu
sayembara kanggo njupuk limang jinis sayembara, Yudistira kanggo menangake sayembara
filsafat lan tatanegara, Arjuna yen entuk menangake sayembara senjata Panah,
Bima menangake sayembara Gada, lan Nakula - Sadewa yen entuk menangake
sayembara senjata Pedhang. Pandhawa kasil menangake kabeh sayembara.
Bersambung ....