PRANATACARA
1.
Pangertene
panatacara
Panatacara
kerep uga diarani denign babrayan agung minanga panatacara pambyawara, pranata
adicara, pranata titilaksana, pranata laksitaning adicara utawi Master of
Ceremony (MC). Regeng, nges lan orane sawijining adicara iku sebagean gehde
dadi tanggungjawabe panatacara. Panatacara kuwi sawijining paraga(wong) sing
duwe jejibahan nglantarake titilaksana (lakune) sawijining upacra adat
temanten, kesripahan, resmi/ formal, pepanggihan (pertemuan), pajamuan (pesta),
pangaosan utawa pentas (show) lan sapanunggale. Kaya dene ing acara
upacara adat temanten Jawa, panatacara kajibah nglantarke titilaksana (lakune)
adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab
(jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan lan pahargyan
(resepsi) temanten. Dene yen ing upacara kasripahan (kematian) juru
panitilaksana (panatacara) nglantarake upacara mbudhalake layon saka omah
menyan sarean (kuburan).
2.
Perangan
teks panatacara
Minangka
kanggo ancer-ancer yen kanggo gawe ngrengrengan teks panatacara parapeserta
didik kudu weruh pokok-pokok teks panatacara mau. Dene pokok (batang tubuhe)
teks pranata cara, yaikut:
a. Salam pambuka. Salam
pambuka kanthi tembung, “Asalamualaikum Warahmatullah wabarokatuh” (tumrap wong
Islam), utawa tembung “nuwun kawula nuwun”.
b. Puji sykur konjuk
marang Gusti ingkang Maha Kuwasa sarta ngaturake sholawat salam konjuk marang
kanjeng Nabi Muhammad
c. Sapa aruh. Sapa aru
utawa aruh-aruh marang kabeh para tamu unddangan. Anggone sapa aruh mau
diwiwiti saka wong sing paling tua nganti marang sing enom, saka sing pangkate
luwih dhuwur nganti sing endhek.
d. Ancasing gati. Ancasing
gati yaiku apa kang dadi tujuan saka adicara kang diadani (dilaksanakan) ing
wektu iku paraga panatacara kudu weruh kanthi gamblang ngenani adicacaaapa sing
diangit dening panatacara kudu klop karo panyuwune sing duwe gawe, sarta kudu
klop karo swasanane serta cundhuk karo tatanan adat kang ana ing bebrayan
(masyarakat) kono.
e. Panutup. Ing perangan
panutup iki prantacaara nggatur marang para rawuh mungguh acara kang dirantam,
sarta ngajak ngenut lakuning pahagyan kanthi kepenak
f. Salam penutup.
3.
Unsur-unsur
panatacara
Sarat Panatacara
Kanthi
gladhen lan sarat laku pitung perkara. Dening Rama Sudi Yatmana (1989:1) di
jlenterhake kanthi aran Saptama Pangolahing Raga, yaiku:
a.
Magatra,
yaiku bleger wewujudane rupa, adining sastra lan nyandang penganggo kang trep,
pantes lan jangkep. Solah bawa sing luwes lan ora digawe-gawe
b.
Malaksana,
mlaku samlaku, sapecak sajangkah ditata runtut, luwes mrabawani, ora
ingah-ingih lan ora wigah wigih sarta ora ngisin-ngisini
c.
Mawastha,
ngadeg jejeg, ora kendo, ora dhoyong
d.
Maraga:
ora grogi, ora wedi, ora gmeeter, anteb lan anteng obahe wawak, sirah, gulu,
siku, asta lumrahe samadya ora katon ndhangak tangan kudu bisa nambahi cetha
paa kagn diucapake.
e.
Malaghawa,
trampil kepara trengginas, cag ceg, lancar, gancar, sembada ing karya. Ora
ngleler nangin uga ora katon grusa grusu
f.
Matanggap,
tanggap ing sakabehe swasana, sarta bisa andayani regenge swasana. Mula pranata
cara uga bsa gawe gumrengsenge swasana prasat bisa aweh tetamba tumrap wong
kang nandhang susah/ sungkawa
g.
Mawwat:
anteb, mantebm ngentasi purwa, madya lan wasaning karya. Dadi pranata cara kudu
bisa ngedhaleni acara wiwit kawitan, tengahan, lan pungkasane acara kanthi
manteb lan sampurna. Aja nganti ana acara kagn kececer keliwatan uwal saka
rantaman
4.
Teknik
maca panatacara
Sajroning
macakake panatacara mbutuhake kaprigelan supaya kang ngrungokake isa rumangsa
seneng lanpanatacarane gampang dingreteni. Kaprigelan kasebut kaya andharan
iki.
1)
Nggunakake pangucap
kang trep
2)
Pamedhote ukara kang
trep
3)
Nggunakake intonasi,
nada, lan tekanan kang trep
4)
Ngreteni tandha wacan
kanthi trep
5)
Swara kang cetha
6)
Ngatur alon lan cepete
pamaca
7)
Ngolah treping mlebu
wetuning napas
8)
Mahami wacan
9)
Percaya marang dhiri
pribadi
5.
Tuladha
teks panatacara
PAHARGYAN PENGANTEN
Ass. Wr. Wb
Kasugengan,
rahmat saha berkah dalem Gusti ingkang Maha Agung mugi tansah kajiwa kasarira
dening para tamu ingkang minulya.
Nuwun,
para sesepuh, para pinisepuh
ingkat dahat kinabekten.
Para pangembating praja ingkang tuhu sinudarsana.Bapak-bapak Ibu-ibu,
para rawuh kakung miwah putrid ingkang dahat kinurmatan.
Inggih
awit saking keparengipun Bapak…….. sekaliyan, kula kapitados ndherekaken
lampahing adicara pahargyan prasaja ing kalenggahan punika.
Dene wigatosing
sedya, Bapak…….sekaliyan kersa
mahargya putra penganten
sarimbit, inggih punika……….., putra-putrinipun Bapak Ibu…….., saha nakmas…………, putra kakungipun
Bapak……..sekaliyan ing pidalem ing…………..
Awit
saking pangestunipun para rawuh sedaya, putra kekalih sampun kaleksanan
nindakaken akad nikah kanthi wilujeng, nalika wau wonten ing……..
Para
rawuh ingkang minulya, keparenga kula ngaturaken reroncening adicara, ingkang
sampun rinancang dening sedaya keluwarga.
a.
Adicara ingkang sepisan
inggih menika pambuka.
b.
Adicara ingkang
kaping kalih, inggih
menika atur pambagya
saking keluwarga.
c.
Ndhungkap adicara ingkang
kaping tiga inggih menika
paring sabda saking keluwarga
penganten kakung.
d.
Kalajengaken adicara
ingkang kaping sekawan
inggih menika atur pangandikan saking keluwarga pengantin
putri.
e.
Tataran adicara ingkang
kaping gangsalinggih menika sabdatama utawi ular-ular.
f.
Adicara ingkang
pungkasan inggih menika panutup.
Para rawuh ingkang dahat kinurmatan, minangka pambukaning pahargyan menika sumangga kula dherekaken sesarengan maos Basmallah. Dene para rawuh ingkang ngrasuk agama sanes, kula sumanggakaken miturut kapitadosanipun piyambak. Sumangga kula dherekaken.
Materi jangkepipun saged dipunwaos wonten ngriki :