Materi saged dipunbikak wonten ngriki!
1. PPT Crita Wayang
2. LKS Crita Wayang 1
- Pangerten Wayang:
Ø Wayang
dumadi saka tembung lingga "yang/ hyang" oleh ater- ater wa-. Tegese
roh kang bisa agawe beja cilakane manungsa.
Ø Wayang
iku wewayangan utawa gegambaran watak lan jiwane manungsa.
Ø Wayang
punika pagelaran nganggo boneka kang umume katon endah ing wewayangane lan
dilakokake dening dhalang kanthi iringan gamelan.
- Asal Usul Wayang :
Miturut para pakar, wayang wis
ana wiwit zaman 1500 tahun SM, adoh sadurunge agama lan budaya manca tekan
menyang Indonesia. Wujude isih prasaja, saya suwe bisa adhaptasi karo
unsur-unsur liya saingga wujude kaya sing saiki iki.
Wayang saiki wujude beda karo wayang zaman biyen. Keaslian wayang kang asli
saka Indonesia bisa ditelusuri saka pangocapan basa Jawa asli kayata wayang,
kelir, blencong, kepyak, dhalang, kotak dan liya-liyane. Dene ceritane saka
petualangan lan pengalaman nenek moyang.
Agama Hindu lan Buddha saka India
mlebu menyang Indonesia ing sekitar abad kapisan Masehi. Kaloron agama iki
gedhe pengaruhe tumrap perkembangane wayang kanthi nganggo cerita saka kitab
Ramayana dan Mahabarata kang luwih aos. Sasuwene abad X nganti XV, wayang
ngrembaka kanggo ritual agama lan pendidikan marang masyarakat. Ing jaman iki
wis katulis saperangan cerita ngenani wayang.
Ngenani asal-asul wayang miturut
para pakar pewayangan ing antarane : Dr. Cohen Stuart, Prof. Kerns, drs.
Soeroto, KGA Kusumodilogo, Ir Sri Mulyono, Dr.G.A.J.Hazeu, Dr. W. Rassers, bisa
disimpulake dene :
- Wayang
iku asale saka India utawa kena pengaruh pagelaran Tonil India Purba sing
kasebut chayanataka (tontonan ayang-ayang)
- Wayang
iku asale saka ciptaan Jawa asli.
- Wujude Wayang :
Wujude
wayang arupa boneka sing miturut dhimensine (arah paningal) ana 2 cacahe yaiku
:
- Wujud 2 dhimensi , umume,
kagawe saka kulit (walulang), kang biyasane kulit sapi, utawi wedhus.
- Wujud 3 dhimensi, lumrah
digawe saka kayu kang direnggani penganggo saka kain kang maneka warna
adhedhasar karakter wayang kasebut.
Nanging ing sawatara tlatah, uga ana kang gawe wayang saka suket, lan kerdhus, ananging wayang jinis ngene iki ora ngrembaka.
- Jinis-Jinise Wayang :
- Wayang Beber yaiku wayang
kang digawe saka kain utawa kulit lembu kang awujud bèbèran (lembaran).
Wayang iki asalè saka Pacitan lan Gunung Kidul
- Wayang Kulit digawé saka
kulit kang ditatah lan diéntha kaya déné manungsa.
- Wayang klithik (Krucil)
yaiku wayang kang digawè saka kayu, kang wujudè padha karo wayang kulit.
Crita kang kerep ditanggapkè yaiku nyaritakakè Damarwulan lan Majapahit
- Wayang Golèk (tengul).
Wayang iki digawè saka kayu lan diklabèni kayata manungsa. Sumbering crita
kajupuk saka Sejarah kayata crita Untung Suropati, Batavia, Sultan Agung,
Banten, Trunajaya, lsp. Crita wayang iki uga bisa kajupuk saka dongéng
nègara Arab.
- Wayang Gedhog:Wayang iki
wujudè mèh padha karo wayang kulit. Kang digawè kurang luwih taun 1400-an.
Sumbèring crita saka crita raja ing Jawa, antaranè Banten, Singasari,
Mataram, Kediri, lsp. Wayang iki mung bisa ditemokakè ana musèum.
- Wayang Menak yaiku wayang
saka kayu kang digawe persis (kawangun) wong. Critanè yaiku babagan dakwah
Islam kayata: Wong Agung Jayengrana, Imaryana, lan Umarmadi.
- Wayang Kancil: Wayang iki
uga diarai ''wayang Dupara''. Wayang sing digawe saka lulang. Crita serine
Kancil.
- Wayang Wahyu : uga kasebut
''wayang bibel'' iki diciptaakè dèning Bruder Tèmothèos kanggo nyiarakè
agama Kristen.
- Wayang Jemblung : sawijining
bentuk kesenian teater tradisional saka tlatah Banyumas. Bentuke wayang
iki kaya pagelaran wayang, nanging dimainake dening sawijining dhalang
kang ngrangkep dadi wayang, gamelan, pangrawit, lan waranggana (vokalis).
- Wayang Wong : wayang kang
diparagakè wong kang ana gerakan tarinè. Sumbering crita saka Ramayana lan
Mahabarata
- Unsur-Unsur Crita Wayang :
Unsur
intrinsik yaiku unsur-unsur kang mangun carita
saka jero crita. Unsur-unsur intrinsik ing antarane :
1.
Tema
yaiku gagasan baku kang dadi dhasaring carita
2.
Paraga
yaiku
purusa kang nglakokaké carita
3.
Penokohan
yaiku gegambaran wataking paraga
4.
Alur/plot
yaiku
rerangkening carita kang kadhapuk kanthi tinampa nalar (logis). Alur magepokan
karo konflik utawa prakara.
manawa
plot utawa alur cerita nglimputi:
a.
Paparan awaling
sawijining cerita (exposition)
Perangan kang awujud
gegambaran lan wiwitaning mangerteni situasi latar lan tokoh-tokoh cerita.
Tahap iki minangka tahap pambuka sawijining cerita utawa asung pawarta kang
sepisanan lan duwe fungsi yaiku minangka landhesan cerita kang bakal
diandharake ing bageyan-bageyan sateruse.
b.
Wiwit thukul problem
(inciting moment)
Tahap kang nukulake
masalahmasalah kang andadekake anane konflik. Dadi, ing tahap iki minangka
tahap awal anane konflik. Konflik iku bakal ngrembaka ing tahap-tahap
sabanjure.
c.
Konflik wiwit lumaku (rising action)
Tahap/swasana thukule
konflik kang saya andadi. Kadadeyan-kadadeyan dramatik kang dadi inti cerita
saya suwe saya medeni lan agawe kaget. Konflik-konflik kang ana banjur tumuju
marang klimaks lan saya ora bisa kabendung.
d.
Konflik saya suwe saya
ruwet (complication)
tahapan kang nuduhake
manawa konflik ing swasana kang paling dhuwur utawa panas-panase.
Padudon-padudon kang ana ing sajroning pribadi-pribadining para paraga utawa
marang paraga liyane ngambah ing swasana paling tintrim, paling panas. Klimaks
cerita katitik saka para paraga kang arep kataman dening konflik iku mau.
Sawijining karya fiksi kang ngemu alur kang panjang mesthi duweluwih saka siji
ing babagan klimaks iki.
e.
Konflik wiwit mudhun (falling action)
Tahap klimaks wiwit
kendho utawa mudhun. Ateges, klimaks wiwit kendho, konflik wus ameh rampung lan
ana dalan kanggo ngudhari konflik mau.
f.
Karampunganing konflik
( denouement) yaiku tahapan kang
asung karampungan marang konflik. Sawise ana dalan kanggo ngudhari konflik,
cerita banjur dipungkasi dening pengarang.
5.
Latar/setting
yaiku papan panggonan, wektu, lanswasana
lelakoné prastawa ing sajeroning carita
6.
Amanat/pesen
yaiku
pitutur luhur utawa pesen pangripta kang diaturake marang pamaos.
7.
Sudut pandang
Sudut
pandang minangka cara kita mangerti sakabehing kadadeyan ing sawijining cerita.
Miturut jinise, sudut pandang diperang dadi 4 yaiku:
a.
Manggon ing orang
pertama utama, sang karakter utama ngandharake kanthi tembung-tembunge dhewe.
b.
Manggon ing orang
pertama sampingan, cerita diandharake dening sawijining karakter ananging dudu
karakter utama (amung sampingan).
c.
Manggon ing orang
ketiga terbatas, pengarang ngandharake adhedhasar sakabehing karakter kang ana
lan lungguh dadi orang ketiga, ananging amung ngandharake apa-apa kang tau
ditonton, dirungu, lan dipikirake dening sawijining karakter.
d.
Manggon ing orang
ketiga tidak terbatas, pengarang ngandharake adhedhasar marang sakabehing
karakter lan lungguh dadi orang ketiga
8.
Lelewa basa yaiku
tembung-tembung pilihan sing digunakake panulis sing ana sajrone crita supaya
critane bisa luwih endah lan urip.
Pamilhe
tembung utawa diksi, mujudake sawijine tembung kanggo nuwuhake gagasan-gagasan
kang trep sajroning imajinasine pamaos utawa pamikarane kaya dene sing
dipikirake utawa dirasakake dening pangripta utawa pamicara. Pamilihe tembung
bisa disurasa minangka perangan sing wigati sajrone ngripta.
Unsur
Ekstrinsik :
unsur-unsur sing kawangun saka jabaning carita iku, kayata :
1.
Latar Belakang carita (karya)
diciptakake, yaiku kapan crita mau ditulis
2.
Kahanan masyarakat nalika carita
ditulis.
3.
Latar Belakang utawa kahanan
pangripta, lsp.
F. Nilai-Nilai ing
sajroning crita
Nilai-nilai ing sajroning crita kaperang dados 4
kelompok inggih menika:
1.
Nilai Pendidikan Moral
Para
paraga ing sajrone cerita duwe moral kang apik lan duwe pamawas marang sifat
kang ala lan becik, senajan kadhangkala uga asifat relatif. Nilai moral
minangka kaca brenggalane kayakinane pangripta kang ditulis marang para maos.
Moral minangka sarana kanggo nuduhake marang para ingkang maos ngenani panguripan,
subasita, tata pasrawungan antarane paraga siji lan sijine. Moral mesthi
ngenani subasitaning manungsa, kang apik lan kang ala, kang tumuju ing budi
pekerti supaya tumanem lan bisa dadi sarana kanggo mujudake kapribadening para
ingkang maos.
2.
Nilai Pendidikan Adat /
Tradhisi Adat
Tradhisi
tegese tatacaraning urip kang wus dadi tumindak saben dina sarta turun-tumurun
ing sajroning masyarakat. Tatacara urip utawa paugeraning ngaurip kang
anglimputi adat istiadat, tradisi, keyakinan, pandanganing ngaurip, cara mikir
lan kalebu perangan spiritual. Uga ana sesambungane karo status sosial para
paragane. Tatacara gotong-royong, katindakake amarga saben uwong uga butuh
srawung marang wong liya. Sakabehe asil karyaning manungsa kuwi katindakake
kanthi sarana sesrawungan marang wong liya. Tindak-tanduking manungsa duwe
sifat kang apik. Ing sajroning tradisi ngemu kearifan kang akeh banget cacahe.
Globalisasi dudu sawijining cara kang ngajarake kabeh kudu anyar, ananging melu
nglestarekake warisan para leluhur uga kalebu pakaryan kang apik. Globalisasi
kudu digawe kanggo sarana nuwuhake rasa andarbeni marang kabudayane dhewe.
3.
Nilai Pendidikan Agama
/ Religi
Wong-wong
ing padesan rikala jaman kang kepungkur katon duwe rasa religius kang apik lan
katitik manawa akeh masyarakat kang
nindakake upacara-upacara sesambungane karo agama utawa ritual upacara
tradhisi para leluhure, arupa slametan, bersih desa, aweh sesajen marang
roh-roh leluhur kang wus sumare. Ana uga sarana donga kanggo nyuwun udan marang
Gusti Kang Maha Kuwasa rikala mangsa ketiga. Religi utawa kepercayan ngemu
kayakinane manungsa kang tumuju marang sifat-sifat sang pencipta, babagan alam
gaib, sakabehing nilai, norma sarta ajaran religi. Tatacara ritual lan upacara
iku minangka pangrekadayane manungsa kanggo mangerteni Gusti Allahe, dewa-dewa,
utawa makhluk-makhluk alus kang urip ing ngalam gaib.
4.
Nilai Pendidikan
Kepahlawanan
Pahlawan
bisa sinebut minangka wong kang wani ngurbanake jiwa raga, arta barana kanggo
ambelani negarane. Saka tembung pahlawan tuwuh sifat kang duwe rasa wani marang
sapa wae wong kang bakal angrusak nagara, nusa, lan bangsane. Warga negara kudu bisa ambela marang nusa
bangsane. Pahlawan duwe rasa andarbeni, duwe lan kudu ambela kanthi wutahing
rah kang pungkasan. Babagan bela negari, rasa duwe bangsa uga sinebutake ing
karya sastra. Kang biasane cedhak karo tokoh utawa paraga ing cerita. Tetiyang
utawa paraga kang ana ing sajrone cerita dadi gul-aguling masyarakat, ananging
uga ana kang ora disenengi dening masyarakat. Paraga ing karya sastra umume
duwe sifat-sifat kang sae, ambelani kang bener, rasa kanggo amedharake sing
apik lan sing ala isih dhuwur. Kosokwangsule manawa ana tokoh kang ora
disenengi uga duwe watak kang asor lan kurang apik
- Teknik
nulis Sinopsis
Sinopsis yaiku ringkasan crita dene langkah-langkah
gawe sinopsis ing antarane :
1.
Wacanen luwih dhisik
naskah crita asli.
2.
Nulis gagasan
pokok
3.
Tulisen ringkesan kang
jumbuh karo gagasan utama
4.
Gunakake ukara kang
cetha, gampang dingerteni, efektif, lan narik kawgaten kanggo gawe urutan crita
singkat kang bisa nggambarake apa kang arep dicritakake ing karangan asline.
5.
Kanggo nulis dialog
utawa monolog tokoh, cukup garis besare wae.
6.
Sinopsis kang digawe
ora kena nyimpang saka isine.