Showing posts with label Materi X Genap. Show all posts
Showing posts with label Materi X Genap. Show all posts

Kelas X/Genap Bab 5. Aksara Angka

February 17, 2021


 

ANGKA JAWA



Aksara Angka

Perlu dimangerteni, aksara angka jawa kuwi dumadi saka 1 nganti 0 .  ana saperangan aksara angka kang wujude padha karo anksara jawa, ing antarane yaiku:

a.       Angka 1 padha karo aksara ga;

b.      Angka 2 padha karo aksara nga lelet;

c.       Angka 6 padha karo aksara swara E;

d.      Angka 7 padha karo aksara la;

e.       Angka 8 padha karo aksara pa murda;

f.       Angka 9 padha karo aksara ya

Mula kanggo mbedakake panulise, aksara angka kaapit pada pangkat (;). Dene nalika nulis aksara angka sing luwih saka 9, panulisane kanthi ndadekake siji angka cacahe loro utawa luwih, kaya dene panulise angka arab. 



Materi jangkepipun sumangga waos wonten PPT ing ngandhap.

PPT Aksara Angka

Materi 2

MATERI BAHASA JAWA KELAS X SEMESTER GENAP

April 05, 2020

KELAS X SEMESTER GENAP

MATERI PEMBELAJARAN :

NO.
MATERI POKOK
URAIAN MATERI
PENUGASAN DAN LATIHAN SOAL
ULANGAN HARIAN
1
Serat Wedhatama Pupuh Sinom
2
3
Teks Deskripsi tentang Makanan Tradisional Jawa
4
Penilaian Tengah Semester Genap
5
Pranatacara
1.
2.
1.
2.
1.
2. 
6
Angka Jawa
2.
2. 
7
Latihan Penilaian Tengah Semester Genap



Kelas X/Genap Bab 2. Crita Wayang

January 22, 2019

Materi saged dipunbikak wonten ngriki!
1. PPT Crita Wayang
2. LKS Crita Wayang 1

WAYANG

 

  1. Pangerten Wayang:

Ø  Wayang dumadi saka tembung lingga "yang/ hyang" oleh ater- ater wa-. Tegese roh kang bisa agawe beja cilakane manungsa.

Ø  Wayang iku wewayangan utawa gegambaran watak lan jiwane manungsa.

Ø  Wayang punika pagelaran nganggo boneka kang umume katon endah ing wewayangane lan dilakokake dening dhalang kanthi iringan gamelan.

 

  1. Asal Usul Wayang :

Miturut para pakar, wayang wis ana wiwit zaman 1500 tahun SM, adoh sadurunge agama lan budaya manca tekan menyang Indonesia. Wujude isih prasaja, saya suwe bisa adhaptasi karo unsur-unsur liya saingga wujude kaya sing saiki iki.
Wayang saiki wujude beda karo wayang zaman biyen. Keaslian wayang kang asli saka Indonesia bisa ditelusuri saka pangocapan basa Jawa asli kayata wayang, kelir, blencong, kepyak, dhalang, kotak dan liya-liyane. Dene ceritane saka petualangan lan pengalaman nenek moyang.

Agama Hindu lan Buddha saka India mlebu menyang Indonesia ing sekitar abad kapisan Masehi. Kaloron agama iki gedhe pengaruhe tumrap perkembangane wayang kanthi nganggo cerita saka kitab Ramayana dan Mahabarata kang luwih aos. Sasuwene abad X nganti XV, wayang ngrembaka kanggo ritual agama lan pendidikan marang masyarakat. Ing jaman iki wis katulis saperangan cerita ngenani wayang.

Ngenani asal-asul wayang miturut para pakar pewayangan ing antarane : Dr. Cohen Stuart, Prof. Kerns, drs. Soeroto, KGA Kusumodilogo, Ir Sri Mulyono, Dr.G.A.J.Hazeu, Dr. W. Rassers, bisa disimpulake dene :

  1. Wayang iku asale saka India utawa kena pengaruh pagelaran Tonil India Purba sing kasebut chayanataka (tontonan ayang-ayang) 
  2. Wayang iku asale saka ciptaan Jawa asli.

 

  1. Wujude Wayang :

Wujude wayang arupa boneka sing miturut dhimensine (arah paningal) ana 2 cacahe yaiku :

  1. Wujud 2 dhimensi , umume, kagawe saka kulit (walulang), kang biyasane kulit sapi, utawi wedhus.
  2. Wujud 3 dhimensi, lumrah digawe saka kayu kang direnggani penganggo saka kain kang maneka warna adhedhasar karakter wayang kasebut.
    Nanging ing sawatara tlatah, uga ana kang gawe wayang saka suket, lan kerdhus, ananging wayang jinis ngene iki ora ngrembaka.

 

  1. Jinis-Jinise Wayang :
  1. Wayang Beber yaiku wayang kang digawe saka kain utawa kulit lembu kang awujud bèbèran (lembaran). Wayang iki asalè saka Pacitan lan Gunung Kidul
  2. Wayang Kulit digawé saka kulit kang ditatah lan diéntha kaya déné manungsa. 
  3. Wayang klithik (Krucil) yaiku wayang kang digawè saka kayu, kang wujudè padha karo wayang kulit. Crita kang kerep ditanggapkè yaiku nyaritakakè Damarwulan lan Majapahit
  4. Wayang Golèk (tengul). Wayang iki digawè saka kayu lan diklabèni kayata manungsa. Sumbering crita kajupuk saka Sejarah kayata crita Untung Suropati, Batavia, Sultan Agung, Banten, Trunajaya, lsp. Crita wayang iki uga bisa kajupuk saka dongéng nègara Arab.
  5. Wayang Gedhog:Wayang iki wujudè mèh padha karo wayang kulit. Kang digawè kurang luwih taun 1400-an. Sumbèring crita saka crita raja ing Jawa, antaranè Banten, Singasari, Mataram, Kediri, lsp. Wayang iki mung bisa ditemokakè ana musèum.
  6. Wayang Menak yaiku wayang saka kayu kang digawe persis (kawangun) wong. Critanè yaiku babagan dakwah Islam kayata: Wong Agung Jayengrana, Imaryana, lan Umarmadi. 
  7. Wayang Kancil: Wayang iki uga diarai ''wayang Dupara''. Wayang sing digawe saka lulang. Crita serine Kancil.
  8. Wayang Wahyu : uga kasebut ''wayang bibel'' iki diciptaakè dèning Bruder Tèmothèos kanggo nyiarakè agama Kristen.
  9. Wayang Jemblung : sawijining bentuk kesenian teater tradisional saka tlatah Banyumas. Bentuke wayang iki kaya pagelaran wayang, nanging dimainake dening sawijining dhalang kang ngrangkep dadi wayang, gamelan, pangrawit, lan waranggana (vokalis).
  10. Wayang Wong : wayang kang diparagakè wong kang ana gerakan tarinè. Sumbering crita saka Ramayana lan Mahabarata

 

  1. Unsur-Unsur Crita Wayang :

Unsur intrinsik yaiku unsur-unsur kang mangun carita saka jero crita. Unsur-unsur intrinsik ing antarane :

1.      Tema

 yaiku gagasan baku kang dadi dhasaring carita

2.      Paraga

yaiku purusa kang nglakokaké carita

3.      Penokohan

 yaiku gegambaran wataking paraga

4.      Alur/plot

yaiku rerangkening carita kang kadhapuk kanthi tinampa nalar (logis). Alur magepokan karo konflik utawa prakara.

manawa plot utawa alur cerita nglimputi:

a.       Paparan awaling sawijining cerita (exposition)

Perangan kang awujud gegambaran lan wiwitaning mangerteni situasi latar lan tokoh-tokoh cerita. Tahap iki minangka tahap pambuka sawijining cerita utawa asung pawarta kang sepisanan lan duwe fungsi yaiku minangka landhesan cerita kang bakal diandharake ing bageyan-bageyan sateruse.

b.      Wiwit thukul problem (inciting moment)

Tahap kang nukulake masalahmasalah kang andadekake anane konflik. Dadi, ing tahap iki minangka tahap awal anane konflik. Konflik iku bakal ngrembaka ing tahap-tahap sabanjure.

c.       Konflik wiwit lumaku (rising action)

Tahap/swasana thukule konflik kang saya andadi. Kadadeyan-kadadeyan dramatik kang dadi inti cerita saya suwe saya medeni lan agawe kaget. Konflik-konflik kang ana banjur tumuju marang klimaks lan saya ora bisa kabendung.

d.      Konflik saya suwe saya ruwet (complication)

tahapan kang nuduhake manawa konflik ing swasana kang paling dhuwur utawa panas-panase. Padudon-padudon kang ana ing sajroning pribadi-pribadining para paraga utawa marang paraga liyane ngambah ing swasana paling tintrim, paling panas. Klimaks cerita katitik saka para paraga kang arep kataman dening konflik iku mau. Sawijining karya fiksi kang ngemu alur kang panjang mesthi duweluwih saka siji ing babagan klimaks iki.

e.       Konflik wiwit mudhun (falling action)

Tahap klimaks wiwit kendho utawa mudhun. Ateges, klimaks wiwit kendho, konflik wus ameh rampung lan ana dalan kanggo ngudhari konflik mau.

f.       Karampunganing konflik ( denouement) yaiku tahapan kang asung karampungan marang konflik. Sawise ana dalan kanggo ngudhari konflik, cerita banjur dipungkasi dening pengarang. 

5.      Latar/setting

 yaiku papan panggonan, wektu, lanswasana lelakoné prastawa ing sajeroning carita

6.      Amanat/pesen

yaiku pitutur luhur utawa pesen pangripta kang diaturake marang pamaos.

7.      Sudut pandang

Sudut pandang minangka cara kita mangerti sakabehing kadadeyan ing sawijining cerita. Miturut jinise, sudut pandang diperang dadi 4 yaiku:

a.       Manggon ing orang pertama utama, sang karakter utama ngandharake kanthi tembung-tembunge dhewe.

b.      Manggon ing orang pertama sampingan, cerita diandharake dening sawijining karakter ananging dudu karakter utama (amung sampingan).

c.       Manggon ing orang ketiga terbatas, pengarang ngandharake adhedhasar sakabehing karakter kang ana lan lungguh dadi orang ketiga, ananging amung ngandharake apa-apa kang tau ditonton, dirungu, lan dipikirake dening sawijining karakter.

d.      Manggon ing orang ketiga tidak terbatas, pengarang ngandharake adhedhasar marang sakabehing karakter lan lungguh dadi orang ketiga

8.      Lelewa basa yaiku tembung-tembung pilihan sing digunakake panulis sing ana sajrone crita supaya critane bisa luwih endah lan urip.

Pamilhe tembung utawa diksi, mujudake sawijine tembung kanggo nuwuhake gagasan-gagasan kang trep sajroning imajinasine pamaos utawa pamikarane kaya dene sing dipikirake utawa dirasakake dening pangripta utawa pamicara. Pamilihe tembung bisa disurasa minangka perangan sing wigati sajrone ngripta.

 

Unsur Ekstrinsik : unsur-unsur sing kawangun saka jabaning carita iku, kayata :

1.      Latar Belakang carita (karya) diciptakake, yaiku kapan crita mau ditulis

2.      Kahanan masyarakat nalika carita ditulis.

3.      Latar Belakang utawa kahanan pangripta, lsp.

 

F.     Nilai-Nilai ing sajroning crita

Nilai-nilai ing sajroning crita kaperang dados 4 kelompok inggih menika:

1.      Nilai Pendidikan Moral

Para paraga ing sajrone cerita duwe moral kang apik lan duwe pamawas marang sifat kang ala lan becik, senajan kadhangkala uga asifat relatif. Nilai moral minangka kaca brenggalane kayakinane pangripta kang ditulis marang para maos. Moral minangka sarana kanggo nuduhake marang para ingkang maos ngenani panguripan, subasita, tata pasrawungan antarane paraga siji lan sijine. Moral mesthi ngenani subasitaning manungsa, kang apik lan kang ala, kang tumuju ing budi pekerti supaya tumanem lan bisa dadi sarana kanggo mujudake kapribadening para ingkang maos.

 

2.      Nilai Pendidikan Adat / Tradhisi Adat

Tradhisi tegese tatacaraning urip kang wus dadi tumindak saben dina sarta turun-tumurun ing sajroning masyarakat. Tatacara urip utawa paugeraning ngaurip kang anglimputi adat istiadat, tradisi, keyakinan, pandanganing ngaurip, cara mikir lan kalebu perangan spiritual. Uga ana sesambungane karo status sosial para paragane. Tatacara gotong-royong, katindakake amarga saben uwong uga butuh srawung marang wong liya. Sakabehe asil karyaning manungsa kuwi katindakake kanthi sarana sesrawungan marang wong liya. Tindak-tanduking manungsa duwe sifat kang apik. Ing sajroning tradisi ngemu kearifan kang akeh banget cacahe. Globalisasi dudu sawijining cara kang ngajarake kabeh kudu anyar, ananging melu nglestarekake warisan para leluhur uga kalebu pakaryan kang apik. Globalisasi kudu digawe kanggo sarana nuwuhake rasa andarbeni marang kabudayane dhewe.

 

3.      Nilai Pendidikan Agama / Religi

Wong-wong ing padesan rikala jaman kang kepungkur katon duwe rasa religius kang apik lan katitik manawa akeh masyarakat kang  nindakake upacara-upacara sesambungane karo agama utawa ritual upacara tradhisi para leluhure, arupa slametan, bersih desa, aweh sesajen marang roh-roh leluhur kang wus sumare. Ana uga sarana donga kanggo nyuwun udan marang Gusti Kang Maha Kuwasa rikala mangsa ketiga. Religi utawa kepercayan ngemu kayakinane manungsa kang tumuju marang sifat-sifat sang pencipta, babagan alam gaib, sakabehing nilai, norma sarta ajaran religi. Tatacara ritual lan upacara iku minangka pangrekadayane manungsa kanggo mangerteni Gusti Allahe, dewa-dewa, utawa makhluk-makhluk alus kang urip ing ngalam gaib.

 

4.      Nilai Pendidikan Kepahlawanan

Pahlawan bisa sinebut minangka wong kang wani ngurbanake jiwa raga, arta barana kanggo ambelani negarane. Saka tembung pahlawan tuwuh sifat kang duwe rasa wani marang sapa wae wong kang bakal angrusak nagara, nusa, lan bangsane.  Warga negara kudu bisa ambela marang nusa bangsane. Pahlawan duwe rasa andarbeni, duwe lan kudu ambela kanthi wutahing rah kang pungkasan. Babagan bela negari, rasa duwe bangsa uga sinebutake ing karya sastra. Kang biasane cedhak karo tokoh utawa paraga ing cerita. Tetiyang utawa paraga kang ana ing sajrone cerita dadi gul-aguling masyarakat, ananging uga ana kang ora disenengi dening masyarakat. Paraga ing karya sastra umume duwe sifat-sifat kang sae, ambelani kang bener, rasa kanggo amedharake sing apik lan sing ala isih dhuwur. Kosokwangsule manawa ana tokoh kang ora disenengi uga duwe watak kang asor lan kurang apik

 

  1. Teknik nulis Sinopsis

Sinopsis yaiku ringkasan crita dene langkah-langkah gawe sinopsis ing antarane :

1.      Wacanen luwih dhisik naskah crita asli.

2.      Nulis gagasan pokok 

3.      Tulisen ringkesan kang jumbuh karo gagasan utama

4.      Gunakake ukara kang cetha, gampang dingerteni, efektif, lan narik kawgaten kanggo gawe urutan crita singkat kang bisa nggambarake apa kang arep dicritakake ing karangan asline.

5.      Kanggo nulis dialog utawa monolog tokoh, cukup garis besare wae.

6.      Sinopsis kang digawe ora kena nyimpang saka isine.


Kelas X/Genap Bab 1. Serat Wedhatama Pupuh Sinom

Kelas X/Genap Bab 1. Serat Wedhatama Pupuh Sinom

January 06, 2019


Serat Wedhatama Pupuh Sinom

Filosofi Tembang Macapat Sinom Beserta Contohnya. – Kalih Ngopi


Karya sastra punika dipunserat dening Ngarsa Dalem Ingingkang Wicaksana Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Sri Mangkunegara IV. Raja ing keraton Mangkunegaran Solo. KGPAA Mangkunegara IV kalebu raja ingkang kawentar amargi kawsisanipun ing babagan ilmu pengetahuan, piyambeke ugi kawentar amargi kalebu satunggaling tokoh ingingkang sakti mandraguna, adil, lan arif bijaksana.  Lumantar olah laku spiritual ingkang mumpuni, piyambekipun sedah kaliyan kasampurnan gesang sejati salebete ngadep Tuhan Ingkang Mahawisesa, nggih niku warangka manjing curiga atanapi anggayuh kamuksan, ngadep Gusti kaliyan raganipun sirna tan winekas.
Serat punika kadhapuk saking 100 pupuh  tembang macapat, ingkang dipunperang dados gangsal tembang, inggih menika:

Pangkur (14 pupuh,1 – 14)
Sinom (18 pupuh, 15 -32)
Pucung (15 pupuh, 33 – 47)
Gambuh (35 pupuh, 48-82)
Kinanthi (18 pupuh, 83-100)
Wose tembang macapat kang ana ing serat wedhatama iku ngandharake bilih manungsa urip ing ngalam donya iki ora bisa uwal saka Gusti Kang Maha Kawasa, kang wis maringake kanugrahan awujud rasa pangrasa minangka sawijining bab kang bisa mbedakake manungsa karo titah liyane.
Pitutur kang kamot ana ing tembang ngandharake tumindak becik kang kudu dilakoni dening manungsa supaya bisa dadi manungsa kang utama. Tumindak kasebut yaiku tansah eling lan waspada ing samubarang gawe, lan kudu bisa ngendhaleni hawa nepsu kang gawe kapitunan marang awake dhewe lan wong liya, lan nuwuhake sikep tansah “mulat sarira angrasa wani (mawas diri)”.
Tembang Macapat
a.      Pangertene tembang Sinom
Sinom iku ateges anom. Sinom duwe karep pucuke godhong kang isih kecut. Anggitane Kanjeng Sunqn Giri Kedaton. Iki cocok kanggo pambuka crita nanging uga kudu nulad papan panggonan
b.      Pathokan tembang Sinom
SINOM
Guru wilangan
Guru lagu
Guru gatra
8
a
9

8
i
8
a
8
i
7
i
8
7
u
a
8
i
12
a

a.      c.   Watak tembang Sinom
Watake tembang Sinom iku tresna asih, cathas, trengginas. Cocok kanggo bab-bab kang sarwa lincah, nggambarake sipat cukat trengginas, lan sapiturute.


d.      Makna tembang Sinom
Miturut maknane, tembang Sinom iku maksude enom. Tembang iki nggambarake wayah enom, wayahe golek pangalembana utawa grapyak, luwes, gampang srawung. Pancen nom-noman biasane seneng sesambungan/ kekancan, pinter ngomong utawa srawung kanggo golek kanca/kadang lan narik kawigaten liyan. Nglambangake isih jejaka/ prawan. Sinom uga bisa ditegesi wayah enom wayah golek ilmu, ilmu donya uga ilmu agama/ akhirat.

e.       Tuladha tembang Sinom

5                6          6          6          6          6          6          6
Nu-            la-        da       la-       ku        u-         ta-        ma
5                6          6          4          5          6          65        5
tu-              mrap-   e         Wong ta-       nah      Ja-       Wi
5                6          6          6          5          3          3          21
wong         a-        gung   ing      Ngek- si-       gan-    da

1                2          3          2          1          6          5          6
Pa-             nem-   bah-    an       Se-      na-      pa-      ti

1                2          2          2          2          1          23
ke-             pa-      ti         a-        mar-    su-      di

1                1          1          2          1          6          1          2
su-             da-      ning    ha-      wa      Lan     nap-    su

6                1          1          1          1          1          1
pi-              ne-      su        ta-       pa       bra-     ta

1                2          3          2          1          6          5          6
ta-              na-      pi        ing      si-       yang   ra-       tri

6                1          2          3          2          2          2          2          3          21        6          12
a-               me-     ma-     ngun   kar-     ye-      nak     tyas     ing      se-       sa-       Ma

f.      Wos kang kamot ing tembang Sinom (Wedhatama)

  1. Serat Wedhatama aweh pangalembana marang pawongan kang seneng aweh pangapura lan sabar.
  2. Serat Wedhatama nengenake kadewasaning akal,pikiran, rasionalitas utawa intelektualitas. Ngelmu iku kudu lumaku kanthi nalar (logika) lan iku kabeh bisa digayuh kanthi tapa prihatin
  3. Babagan karakter lan perilaku kang becik (laku utama), serat Wedhatama menehi tuladha Panembahan Senapati. Piyambake temenan anggone meper hawa nepsu kanthi tapa. Piyambake ngupadi tansah gawe seneng atining liyan lan ing saben pasamuwan tansah gawe tentrem, tansah nglakoni prihatin, bisa ngendhaleni mangan lan turu. Saben medal saka kraton piyambake ngumbara ing papan sepi supaya entul ngelmu kasampurnan lan cetha apa kang tinuju kanthi ancas/ tujuan supaya alus bebudine.
  4. Serat Wedhatama ngajarake babagan telung nilai kang bisa ngangkat drajate  manungsa yaiku pangkat, bandha, lan kapinteran
  5. Serat Wedhatama ngajarake telung prakara kang dadi cagaking panguripan, yaiku lila yen kelangan, sabar nalika entuk pacoban, lan nrima ing pandum pasrah sumarah marang Gusti.
  6. Serat Wedhatama ngajarake ngedohi sipat angkara murka yaiku nesu tanpa alesan, nutupi kaluputane dhewe, milara wong liyan, pengin dianggep pinter senadyan bodho lan duwe pamrih.       

g.      Damel Syair Tembang Sinom

 

A.      Paugeran tembang sinom (3G) : guru gatra , guru wilangan , guru lagu

 

1. Guru gatra : cacahe gatra(baris) saben sak pada (bait ).

2. Guru wilangan : cacahe wanda (suku kata) saben sak gatra(baris).

3. Guru lagu : tibané swara ing pungkasaning gatra(baris).

 Paugeran tembang sinom = 9 gatra : 8-a, 8-i, 8-a, 8-i, 7-i, 8-u,7-a, 8-i, 12-a

 Kanggo luwih jelase, gatekake syair tembang ing ngisor iki.

 

Sinom Laras Pelog Pathet Nem

Nu-la-dha la-ku u-ta-ma

Tum-mra-pe wong ta-nah Ja-wi

Wong a-gung ing ngek-si-gan-da

Pa-nem-ba-han Se-no-pa-ti

Ka-pa-ti a-mar-su-di

Su-da-ne ha-wa lan nap-su

Pi-ne-su ta-pa bra-ta

Tan-nan-pi ing si-yang ra-tr i

Ha-me-ma-ngun kar-ye-nak tyas-sing sa-sa-ma

Paugeran tembang sinom:

 

Guru gatra : 9

Guru wilangan : 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8,12-

Guru lagu : a, i, a, i, i, u, a, i, a

 

B. Langkah gawe tembang:

 

1. Tentoke tema tembang (katresnan, sosial, agama, pendidikan, kekancan, lsp).

2. Gatekake struktur tembang sinom ( 9 gatra : 8-a, 8-i, 8-a, 8-i, 7-i, 8-u,7-a, 8-i, 12-a)

3. Gawe ukara miturut aturan saben gatra.

4. Tulis ukara saka ndhuwur mengisor

5. Nganggo tembung endah lan purwakanthi.

6. Cek tembang sing wis digawe.

 

Tuladha :

                                   Sinom

                         (tema kaluarga)

 

Sedulur pada elinga

Temenana nggonmu urip

Bekti biyung bekti bapa

Duwe pakerti kang becik

Tumindhak kang pratitis

Kakang adhi tansah rukun

Tuladha kang utama

Lung tinulung nora lali

Kabeh mau kanggo kluarga kang mulya

 

C. Purwakanthi

 

Purwakanthi yaiku runtute swara ing ukara, wanda utawa tembung kang kapisan nggandheng wanda utawa tembung ing saburine.

 

Purwakanthi ana werna telu yaiku :

1. Purwakanthi guru swara: yaiku purwakanthi kang runtut swarane.

Tuladha:

Yen gelem obah bakal mamah.

Anak polah bapa kepradhah

 

2. Purwakanthi guru sastra : yaiku purwakanthi kang runtut sastrane utawa tulisane.

Tuladha:

Bobot, bibit, bebed.

Sing sapa salah bakale seleh.

 

3. Purwakanthi lumaksita utawa ana sing ngarani purwakanthi guru basa : yaiku purwakanthi sing tembunge ing ukara sadurunge dibaleni maneh ing ukara candhake. 

Tuladha:

Witing klapa, klapa mudha saupama.

Bayem arda, ardane ngrasuk busana.


Wedharan Serat Wedhatama pupuh Sinom saged dipunpirsani wontening ngandhap punika:
  1. PPT Serat Wedhatama Pupuh Sinom
  2. Titi Laras Tembang Sinom 
  3. LKS Sinom 1 
  4. LKS Sinom 2  
  5. LKS Sinom 3 

Sumber : https://www.youtube.com/watch?v=ctPxEvqvRwk